Aja Nakal Renungan Harian 21 Januari 2021

21 January 2021

Waosan : Yeremia 19 : 1 – 15 | Pamuji : KPJ. 161
Nats:
Lah Ingsun bakal ndhatengake ana ing kutha kene lan kutha-kutha ing sakiwatengene sakehing bilai kang wus Sungandikakake, yen bakal nempuh wong-wong iki, amarga padha nekad mbangkang lan ora ngrungokake marang pangandikaningSun” (Ay. 15)

Menawi kita kagungan putra ingkang boten manut dhateng tiyang sepuhipun, kados pundi raosipun? Tamtu sedaya tiyang sepuh setuju bilih kagungan putra ingkang boten manut punika boten sekeca. Awit tiyang sepuh punika sampun ndidik, nuntun lan paring piwulang ingkang sae supados anak punika saged dados anak ingkang sae lan manut dhateng tiyang sepuhipun. Ananging kasunyatanipun, boten sedaya anak saged manut dhateng tiyang sepuhipun. Pramila boten tanggung-tanggung, asring tiyang sepuh punika paring paukuman dhateng putranipun kangge paring pepenget.

Mekaten ugi waosan kita ing dinten punika, waosan kita nyariosaken kados pundi anggenipun Gusti Allah punika paring paukuman kangge bangsa Israel. Gusti Allah saestu duka dhateng bangsa Israel karana bangsa Israel sampun boten manut lan boten pitados malih dhumateng Gusti Allah. Bangsa Israel langkung milih nyembah dhateng illah sanes tinimbang nyembah Gusti Allah. Mangertosi kahanan ingkang kados mekaten, Gusti Allah rumaos kuciwa lajeng Gusti Allah paring paukuman dhateng bangsa Israel. Ing waosan kita, bangsa Israel ingkang nampi paukuman punika kagambaraken kados dene guci-guci ingkang dipun remukaken. Gusti Allah tumindak mekaten kanthi tujuan supados bangsa Israel sadar bilih gesangipun sampun nyimpang lan boten manut malih dhumateng Gusti Allah. Karana punika nabi Yeremia ngengetaken bangsa Israel supados sadar tumrap sedaya dosa lan kalepatanipun, saklajengipun purun mratobat lan gesang miturut karsanipun Gusti Allah malih.

Kados pundi gesang kita minangka putranipun Gusti Allah? Punapa kita sampun saged dados putranipun ingkang gesang tansah manut karsanipun Gusti Allah? Sabda pangandikanipun Gusti dinten punika ngengetaken kita supados kita saged dados putranipun Allah ingkang tansah manut lan setya tuhu dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah sampun nimbali sarta ngersaaken supados kita mbangun turut karsanipun. Karana punika sumangga kita nglajengaken gesang kanthi dados putranipun Allah ingkang manut dhumateng karsanipun Gusti Allah. (Bie)

 “Aja nakal, manuta…”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak