Waosan: Purwaning Dumadi 33: 1 –17 ǀ Pamuji: KPJ. 48:1
Nats: “Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta Diarasi, sakarone padha nangis.” (Ayat 4)
Wonten gesang kita padintenan, tamtunipun kita nate tumindak lepat dhateng sesami kita. Tumindak lepat punika wonten kalih macem. Ingkang sepisan, tumindak lepat ingkang mboten dipun sengaja. Kaping kalih, tumindak lepat ingkang dipun sengaja. Selajengipun tiyang paring pangapura dhateng sesaminipun ingkang tumrap tumindak lepat mboten dipun sengaja punika langkung gampil katimbang paring pangapura dhateng sesaminipun ingkang sengaja tumindak lepat dhateng piyambakipun.
Cariyos Esap lan Yakup saged paring wangsulan bilih wonten pitakenan: “Sinten tiyang ingkang boten nate tumindak lepat dhumateng sesaminipun punika?” Tamtunipun panjenengan sami sarujuk bilih Esap langkung jujur katimbang Yakub. Ing nats kita nyebataken, “Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep.” Tumindhak Esap ingkang dipun wujudaken kanthi ngekep Yakub punika negasaken bilih Esap saged nampi Yakub malih, dados sedherek ingkang dipun tresnani. Esap nggadahi manah ingkang jembar anggenipun paring pangapura dhateng Yakub. Ingkang estu nentremaken manah, inggih punika nalika Yakub sungkem ing bumi rambah kaping pitu ngantos dumugi ngajengipun Esap. Saking tumindak Yakub punika, kita sinau sejatosipun Yakub sadar bilih piyambakipun sampun nindakaken prekawis ingkang lepat dhateng Esap. Menawi Esap mboten jembar manahipun anggenipun paring pangapura, tamtu mboten wonten rekonsiliasi tumrap gesang paseduluran saking kekalihipun.
Paring pangapura dhateng sederek ingkang tumindak lepat dhateng kita punika boten prekawis gampil bilih kita mboten gadahi manah ingkang jembar. Paring pangapura punika kedah dipun wiwiti dening tiyang ingkang crah ing paseduluran lan pasrawungan. Tiyang punika kedah purun andhap asor, purun ngakeni kalepatanipun bilih sampun lepat. Bilih saderek punika purun ngakeni kalepatanipun lan nyuwun pangapura dhateng kita, mangga kita kanthi welas asih paring pangapura dhateng piyambakipun. Kados dene Esap ingkang jembar pangapura dhateng Yakub, sumangga kita purun paring pangapura, ngrangkul lan nampi sederek ingkang lepat dhateng kita. Awit kita badhe ngraosaken ayem tentrem ing manah. Amin. [ASN].
“Sapa salah bakal seleh, sapa legawa bakal jembar pangapura.”