Waosan : Markus 1 : 9 – 15 | Pamuji : KPJ. 196
Nats: “… pangandhikane: Iki wis tekan ing titimangsane, Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata lan pracayaa marang Injil!” (Ayat 15)
Wonten salah satunggal pepujen sekolah Minggu ingkang mekaten:
Di dalam dunia ada dua jalan, lebar dan sempit mana kau pilih
Yang lebar api jiwamu mati, tapi yang sempit Tuhan berkati
Pepujen punika tuladha bilih manungsa ingkang gesang wonten ing jagad, nalika nglampahi gesangipun tansah tamtu nemahi pilihan-pilihan. Sae pilihan ingkang gampil ugi pilihan ingkang ewet. Sanadyan ta ewet, manungsa kedah nemtukaken pilihanipun kangge paring keputusan. Anggenipun nemtokaken pilihan punika tamtu inggih wonten konsekuensi utawi resiko ingkang badhe dipun tanggung.
Waosan kita dinten punika nedahaken bab namtuaken pilihan. Gusti Yesus minangka Putranipun Allah sampun piniji dening Sang Rama, paring pawartos kabingahan saha kawilujengan dhateng jagad. Ing waosan kita, sacara mirunggan nyariosaken Gusti Yesus ingkang badhe miwiti peladosanipun. Kawiwitan saking Gusti Yesus kabaptis dening nabi Yokanan. Gusti Yesus kagodha dening iblis wonten ing ara-ara samun. Selajengipun Gusti Yesus miwiti peladosanipun. Sacara tata kamanungsan nalika Gusti Yesus ngadhepi pacoben wonten ara-ara samun saged kemawon Panjenenganipun mungkasi pacoben punika. Ananging Gusti Yesus boten kados mekaten, awit Gusti Yesus pitados dhumateng Gusti Allah Sang Rama bilih Gusti Allah boten badhe negakaken lan tamtu badhe paring berkah kasagedan kagem Gusti Yesus. Karana punika Gusti Yesus saged nindakaken peladosanipun kanthi setya tuhu ngantos dumugi pungkasanipun.
Kadosdene Gusti Yesus ingkang sampun piniji dening Sang Rama, samangke kita sedaya ugi piniji dening Gusti Yesus kangge ndherek lelados wonten ing jagad punika. Kados pundi tanggapan kita? Pilihan wonten ing dhiri kita piyambak-piyambak, punapa kita badhe nampi punapa kita badhe nyelaki timbalanipun Gusti? Menawi kita nuladha Gusti Yesus ateges kita inggih nampi timbalanipun Gusti punika. Sampun ngantos kita rumaos ajrih lan kuatir menawi kita nampi timbalanipun Gusti, awit Gusti tamtu paring berkah dalah kasagedan kengge kita sedaya. Sugeng nampi timbalanipun Gusti lan sugeng lelados dhateng sesami. (Bie)
“Kula piniji lan dipun berkahi dening Gusti”