Nyuwun Pulihing Gesang Komunal Pancaran Air Hidup 21 Desember 2024

21 December 2024

Waosan: Jabur 80 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ. 345
Nats: ”Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.” (Ayat 4)

Pandonga sampun dados prekawis ingkang dhasari pigesangan kita sadinten-dinten. Saben kita saged ngaturaken pandonga sacara pribadi dhumateng Gusti. Ing salebeting pandonga, kita ngaturaken pamuji sokur, sembah bekti, gegilutan gesang, saha panyuwunan. Lumantar pandonga, kita ugi ngaturaken pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti. Wujudipun supados gesang kita lan brayat tansah manggih kawilujengan, kaentasaken saking gegilutan ingkang saweg dipun alami. Mekatena ugi pangajeng-ajeng supados kahanan lan tetiyang ing sakiwa-tengan kita tansah nampi karahayon.

Pandonganipun Asaf, sang juru Mazmur, nyuraosaken bilih panjenenganipun saweg kaabenajengaken kaliyan kahanan ingkang karaos ewet. Kahanan punika mboten namung karaosaken pribadi, ananging ugi dening sapantha umat kagungan-Ipun Gusti. Panyuwunipun sang juru Mazmur supados sapantha umat sadaya sami kaentasaken saha kapulihaken saking momotan ingkang saweg dipun alami. Sang juru Mazmur mboten namung ngulukaken panyuwun kangge dhirinipun pribadi, ananging ugi kangge kahanan lan tetiyang sakiwa-tengenipun. Panyuwunipun punika inggih linambaran kapitadosan bilih namung Gusti Allah kemawon ingkang saged paring karahayon, laras kaliyan pangajeng-ajengipun.

Sadhar utawi mboten, kita saweg nglampahi gesang sesandhingan kaliyan kahanan ingkang mboten sawetahipun mbingahaken. Katentreman, kemakmuran, saha endahing gesang punika taksih karaosaken dening sawetawis tiyang kemawon. Dereng sadaya tiyang saged ngraosaken wareg. Dereng sadaya tiyang ngraosaken turah. Dereng sadaya tiyang saged mapag masa depan ingkang endah. Prakawis punika karaos kados-kados sampun biasa, temah ndadosaken kaprihatosan sawetawis tiyang kagerus. Saged ugi lunturing kaprihatosan punika sami kita alami. Kita mboten saged malih ningali lan ngraosaken kawontenan sakiwa-tengen kita ingkang mrihatosaken. Paseksenipun sang juru Mazmur, sumangga kita raos-raosaken minangka pangatag supados kita saged ningali pigesangan punika kanthi wutuh. Kawilujengan saking Gusti kedahipun mboten namung katampi lan karaosaken dening sawetawis tiyang, ananging dening sagung tumitah. Pramila wigatos sanget bilih ing salebeting pandonga ingkang kita saosaken dhumateng Gusti, mboten namung gegayutan kaliyan kabetahan kita pribadi, ananging ugi kalawan pangajeng-ajeng bilih tetiyang lan kahanan ing sakiwa-tengen kita saged nampi pangentasan saha pamulihan. Amin. [adx]

”Wos lan isining pandonga kita nelakaken orientasi gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak