Punapa Gusti Punika PHP? Renungan Harian 21 Desember 2020

21 December 2020

Waosan : 1 Samuel 1 : 1 – 18 | Pamuji : KPJ. 237 : 1, 3
Nats:
… Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.” (ay. 17)

Para nem-neman tamtu akrab kaliyan istilah PHP. PHP nggih punika singkatan kangge, P : pemberi, H : harapan, P : palsu, jangkepipun pemberi harapan palsu, utawi tiyang ingkang remen paring janji nanging boten dipun tepati, maringi pangajeng-ajeng ingkang muluk-muluk nanging boten wonten wujud nyatanipun. Tumindak ingkang PHP punika tamtu njalari kasedihan dhateng tiyang sanes amargi kuciwa nalika sedaya ingkang dipun entosi boten dados kasunyatan. Bilih manungsa punika saged nglampahi tumindak ingkang PHP amargi kakirangan lan kawinatesanipun dhiri, lajeng pripun kaliyan Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos lan boten winates?

Waosan kita punika nyariyosaken bab semahipun Bapa Elkana ingkang tansah nelangsa amargi boten gadhahi putra, nggih punika Ibu Hana. Panelangsa punika sansaya nemen nalika Ibu Hana nampi tumindak awon saking Ibu Penina, garwanipun Bapa Elkana ingkang nomer kalih. Ibu Penina rumaos sae amargi piyambakipun saged paring putra. Kangge ngadhepi kahanan ingkang boten sekeca punika, Ibu Hana tansah nyenyuwun dhumateng Sang Yehuwah supados kaparingan putra lan sang putra punika badhe dipun saosaken malih kagem lelados lan ngluhuraken asmanipun Yehuwah. Amargi panyuwun punika kalambaran manah ingkang tulus sarta estuning kapitadosan, Sang Yehuwah maringaken punapa ingkang kasuwun dening Ibu Hana. Putra punika lajeng kaparingan asma Samuel.

Cariyos bab Ibu Hana punika, paring piwucal kangge kita sadaya bilih pitulunganipun Gusti tansah trep tumrap pigesangan kita para manungsa. Kadosdene Ibu Hana ingkang nampi pitulungan, kita sedaya ugi nampi pitulunganipun Gusti arupi kawilujengan saking Gusti kita Yesus Kristus. Gusti punika boten nate PHP nalika paring pitulungan utawi janji kangge kita para manungsa. Saengga, sumangga kita ugi boten PHP dhumateng Gusti. Mangga kita tansah ngugemi kapitadosan kanthi setya lan tuhu. Ing mangsa Adven punika kita sedaya dipun ajak kangge nliti gesang kita piyambak-piyambak sawetara ngraosaken malih prastawa rawuhipun Sang Juru Wilujeng kita. Sumangga kita sambeti katresnanipun Gusti ingkang sejatos kaliyan sikap dhiri lan manah kapitadosan ingkang sayektos. (xie).

 “Pitulunganipun Gusti punika tansah trep lan mantep.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak