Pengaruh Kangge Tiyang Sanes Pancaran Air Hidup 21 April 2025

21 April 2025

Waosan: 1 Korinta 5 : 6b – 8  |  Pamuji: KPJ. 127
Nats: “Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?” (Ayat 6b)

Nalika kita nglampahi gesang kangge kita dhiri piyambak lan ngangge cara kita piyambak, gesang kita mboten badhe paring pengaruh kangge tiyang sanes. Sadar punapa mboten, gesang kita punika tansah sesambetan kaliyan tiyang sanes. Punapa ingkang kita lampahi wonten ing gesang punika, sekedik kathah ugi gadhah pengaruh kangge tiyang sanes, paling mboten kangge brayat kita piyambak. Nalika kita dados tiyang ingkang sae, mikiraken bab ingkang positif, punika ugi badhe nglairaken pengaruh positif kangge tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kita. Semanten ugi kosok wangsulipun.

Dhateng warga pasamuwan ing Korintus, rasul Paulus ngaturaken bab kasucening gesang minangka tiyang ingkang ndherek Gusti Yesus. Nalika warga pasamuwan Korinta mutusaken nanggepi pitedahipun Gusti lan dados umat-Ipun, mesthinipun para warga kedah nilar cara gesang ingkang lami lan gesang manut karsanipun Gusti. Rasul Paulus ngengetaken para warga bab piwulang ageng Injil. Minangka umatipun Gusti, para warga kedah pitados bilih Gusti Yesus punika Cempening Paskah ingkang sampun ngurbanaken sariran-Ipun, sepisan kangge sadaya tiyang. Punika kedah dipun tampi srana roti tanpa ragi, inggih punika gesang ing kasucen lan kabeneran. Nilaraken ragi ingkang lami, tegesipun nilar sadaya sikap awon lan dipun gantos kaliyan kasagedan gesang miturut dhawuhipun Gusti. Kanthi cara makaten, para warga saged paring pengaruh positif dhateng gesang patunggilan ing pasamuwan.

Pitedah kangge nglampahi gesang ing kasucen lan kabeneran miturut karsanipun Gusti punika kedah dados kewajiban kita. Gesang kita kedah paring pengaruh ingkang sae kangge tiyang sanes ing sakiwa-tengen kita. Kathah tiyang ingkang gesangipun saged dados inspirasi kangge sanesipun, lan kita ugi pantes nulad lan ndadosaken tuladha kangge tiyang sanes. Kados ta dinten punika, tanggal 21 April ing Indonesia dipun mangertosi minangka dinten Kartini. Kita saged sinau saking Ibu Kartini ingkang ngupados hak-hakipun para wanita, mliginipun babagan kesetaraan ing panggenan sinau lan sanesipun. Panjenenganipun maringi inspirasi kangge kita kangge nggayuh pangajeng-ajeng kita. Mangga kita ngupadi gesang, dados tiyang ingkang gadhah pengaruh kangge tiyang sanes, kangge sadaya generasi, kangge perjuangan kasucen lan kabeneran wonten ing Gusti Yesus. Amin. [dvd].

“Urip kang migunani iku njalari urip santosa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak