Kumandel Pancaran Air Hidup 21 April 2023

21 April 2023

Waosan: Yesaya 26 : 1 – 6 ǀ Pamuji: KPJ. 106 : 1 – 2
Nats:Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.” (Ayat 4)

Sawetawis kita temtu mangertos utawi malah kepara remen kaliyan pepujen Kidung Pasamuwan Jawi 106 ingkang mekaten:

Amung kumandel iku, uwiting karosanku
Amung kumandel itu, etuking kraharjanku
Aku datan kuwatir, Pangeran pepujanku
Allah dari kraharjanku, uwiting karosanku

Lumantar pepujen punika, pasamuwan kaatag supados masrahaken dhiri wonten ing pitulunganipun Gusti minangka sumbering karosan lan karaharjan. Gesangipun manungsa mila gilir gumantos, wonten kalanipun ngalami kabingahan, wonten kalanipun katempuh dening panandhang lan reribet. Wonten wekdalipun saged ngrampungaken marupi-rupi tanggel-jawab kanthi prayogi, nanging wonten wekdalipun ugi kawirang dening kasisahan lan sesakit. Minangka siswanipun Sang Kristus kita katimbalan murih tansah nggadhahi pangajeng-ajeng kanthi ngandelaken sadaya prekawis wonten ngarsanipun Gusti.

Yesaya 26:1-6 inggih punika satunggaling pepujen sokur ingkang kaandharaken dening Nabi Yesaya kalanipun bangsa Israel ing mbenjangipun nampi pangluwaran saking Gusti. Pramila wonten ing ayat 1 sinerat mekaten, “Ing wektu iku kekidungan iki bakal karepekake ana ing tanah Yehuda.” Kanthi mekaten estunipun pangluwaran dereng katampi dening bangsa Yehuda. Nanging minangka abdinipun Allah, Nabi Yesaya nggadhahi pangajeng-ajeng lan kapitadosan bilih Gusti Allah badhe mitulungi lan paring pangluwaran tumraping bangsa Yehuda. Karana pitulunganipun Gusti ingkang mekaten, sampun samestinipun bangsa Yehuda bingah-bingah lan ngrepekaken kidung pamuji. Gusti Allah jumeneng minangka gunung parang ingkang langgeng, ingkang boten badhe nilar gesangipun manungsa.

Sumangga kita tansah nglampahi gesang kanthi kumandel dhumateng Gusti. Tiyang ingkang kumandel badhe nemahi kakiyatan lan karosan, kosok wangsulipun tiyang ingkang pepes manahipun gampil miyur lan semplah anggenipun ngadepi reribeting gesang. Anggenipun kumandel boten sanes inggih punika dhumateng Gusti ingkang kagungan gesang, ingkang boten badhe nilar tumrap kabingahan lan kasisahanipun manungsa. Gesang pancen boten tansah enteng lan sekeca, nanging menawi katindakaken kanthi kumandel dhumateng Gusti, badhe nuju dhateng kabingahan lan kaentengan. Amin. [ANS].

“Kumandel ndhatengaken manah ayem lan kendel”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak