Aku Mburu Apa? Renungan Harian 21 April 2019

21 April 2019

Waosan : Lukas 24 : 1 – 12 | Pamuji : KPJ 264 : 1 – 4
Nats : “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?” [ayat 5b]

Wungunipun Gusti Yesus mbantu kita manggihaken jawaban kangge pitaken: ‘Aku mburu apa?’,
sebab wungunipun Gusti Yesus:

  1. Ndadosaken tujuwan gesang sedaya titah menika kawilujengan, sanes bilai (bencana).
  2. Pangwaosipun Allah nindhes dosa, nyipta gesang enggal, lan nyawisaken kita mapag rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih.
  3. Pejah dipun taklukaken, kita ugi badhe katangekaken supados saged gesang sesarengan kaliyan Sang Kristus ing salaminipun.
  4. Maringi energi kangge kita, supados saged dados seksinipun ing jagad menika, ngabaraken Injil, inggih bab wungunipun Gusti Yesus.
  5. Maringi pangertosan tumraping Bujana Suci, kados ingkang dipun alami dening para murid ing margi dhateng kitha Emaus, kembul bujana kaliyan Gusti Yesus ingkang sampun wungu, ingkang rawuhipun paring kawilujengan.
  6. Mbantu kita manggihaken pemahaman ingkang penting ing salebeting tragedi. Menapa kemawon ingkang kedadosan (bingah utawi sisah), yen kita mlampah kaliyan Panjenenganipun, wungunipun maringi pangajeng-ajeng (harapan) kangge masa depan kita.
  7. Maringi jaminan kangge kita bilih Sang Kristus gesang, nguwaosi, lan mrentah kratonipun. Gusti Yesus wungu, prastawa ingkang nyata; sanes legenda.
  8. Sih kamirahanipun Allah nyagedaken kita gesang kagem Panjenenganipun ing jagad ingkang kisruh menika.

Iman Kristen maringi wawasan dhateng kita, supados kita saged ngecakaken ing sadhengah bab: gesang bebrayatan, pasrawungan, politik, lsp.

Kita betah nglangkungi sekawan (4) tahapan supados saged paham bab wungunipun Gusti Yesus, kados para murid:

  • Ragu lan nganggep bab menika namung dongeng kemawon, ingkang mboten saged dipun pitados.
  • Kados Petrus, kita perlu nitipriksa fakta, ananging tetep dados teka-teki.
  • Namung menawi pinanggih sacara pribadi kaliyan Gusti Yesus, kita badhe saged memahami prastawa wungunipun Gusti Yesus.
  • Ing selajengipun, kita badhe saged kanthi tekun dados peladosipun, sebab sampun paham kanthi wetah bab panganthinipun Gusti Yesus ingkang sampun wungu.

Amin. [Esha]

‘Luwar, luwar, luwar saking siksa!’

Renungan Harian

Renungan Harian Anak