Piwelinge Wong Tuwa Renungan Harian 21 Agustus 2020

21 August 2020

Waosan : Purwaning Dumadi 49 : 29 – 50 : 14 | Pamuji : KPJ. 386
Nats
: “Anadene para putrane Rama Yakub padha nglakoni kaya anggone kadhawuhan” (Ay. 12)

Wonten salah satunggaling warga pasamuwan ingkang taberi anggenipun ngabekti. Nalika semanten piyambakipun nandhang sakit lan dipun ramut wonten ing griya sakit. Kula ingkang nuweni wonten griya sakit kepanggih kaliyan para putra wayahipun. Salah satungal putranipun matur dhateng kula mekaten,”Bapak wau sampun mekas supados ing ngajeng griya dipun pasang terop, mangke bilih katimbalan Gusti supados dipun sarekaken wonten  kuburan sisih pojok kilen, bapak ugi sampun nyawisaken pethi piyambak lan pethi punika ingkang kedah dipun damel.” Lajeng kula mangsuli : “Yawis mas sampean lakoni  wae apa sing dadi pesene bapak.” Wetawis tigang dinten saksampunipun paring piweling wau piyambakipun lajeng seda lan para putranipun ugi nindhakaken punapa ingkang sampun dipun dhawuhaken.

Rama Yakub sakdherengipun seda ugi paring piweling dhumateng para putra wayahipun, bilih seda supados diklempakaken kaliyan para leluhuripun (Abraham, Sara, Iskak, Ribka lan Lea). Piyambakipun ngersakaken dipun sareaken wonten ing guwa wonten ing ara-ara kagunganipun Efron tiyang Het (ayat 29). Yusuf minangka salah satunggaling putranipun rama Yakub ugi ngestokaken punapa ingkang sampun dipun dhawuhaken bapanipun. Piyambakipun lajeng nyuwun palilah dhumateng Sang Prabu Pringon kangge metak rama Yakub lan paring prajanji, bilih saksampunipun rampung badhe wangsul dhateng Mesir (ayat 4-14). Ing ngriki Yusuf nedahaken kasetyanipun dhumateng tiyang sepuh lan Sang Prabu Pringon minangka bendaranipun.

Tiyang sepuh kita tamtunipun asring paring piweling dhumateng para putra wayahipun, sae punika nalika taksih gesang, sae punika sakderengipun seda. Contonipun, tiyang sepuh paring piweling supados para putra wayahipun sami gesang rukun, sampun ngantos rebat bandha-donya, purun ngajeni sadaya tiyang, lsp. Pramila sumangga kita ugi tansah mbudidaya nindhakaken (nglakoni) piwelingipun tiyang sepuh kita. Sejatosipun nindhakaken piwelingipun tiyang sepuh punika dados sarana kangge kita ngajeni tiyang sepuh kita piyambak. Kejawi punika ugi dados sarana ngajeni Gusti Allah minangka “tiyang sepuh” kita (secara Ilahi). Kadosdene dhawuhipun “ Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.” (Pangentasan 20:12). (Gimbul)

“Padha tindhakna, piwelinge wong tuwo”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak