Juru Pawartos Renungan Harian 21 Agustus 2019

21 August 2019

Waosan : Yeremia 25 : 30 – 38   ǀ  Pamuji : KPJ. 290 : 1, 2, 3
Nats
: “Sakehing pangandika iku sira wedharna marang para wong iku, sarta sira mratelakna mangkene: Sang Yehuwah bakal nggretak saka ing ngaluhur lan ngulukake swantene saka ing padalemane kang suci” [ayat 30a]

Ingkang kasebat juru pawartos punika tiyang-tiyang ingkang nggadahi tugas lan tanggel jawab martosaken pawartos punapa kemawon dhumateng tiyang. Sae punapa mbotenipun juru pawartos punika, saged dipun ukur saking pawartos punika saged dipun tampi kanthi leres punapa boten. Tamtu kita mangertosi bilih gegayutan kaliyan pawartos punika, wonten pawartos ingkang mbingahaken (berita baik) lan wonten ugi pawartos ingkang mrihatosaken (berita buruk). Tiyang saged kanthi gampil martosaken pawartos ingkang bingahaken, awit mesthi dipun tampi kanthi bingah dening tiyang sanes. Ananging benten malih kahananipun bilih pawartos ingkang dipun pawartosaken punika pawartos ingkang mbekta kaprihatosan, sang juru pawartos saged kemawon dipun paido, mboten dipun remeni, lsp.

Nabi Yeremia kaparing tugas dados juru pawartos ingkang kedah medharaken pawartos saking Gusti Allah ingkang duka dhumateng bangsa Yahudi ingkang nindakaken perkawis-perkawis ingkang mboten nyondhongi karsanipun Gusti. Pramila wonten ing pawartos punika, wonten tembung-tembung minangka Dhawuhipun Gusti ingkang karaos kasar sanget: “Gumuruhing perang bakal tumeka ing poncoting bumi, amarga Sang Yehuwah kagungan prakara karo para bangsa; Panjenengane karsa prakaran karo sakehing para titah; wong duraka bakal padha diulungake marang pedhang. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” (ayt. 31). Dhawuhipun Gusti punika saestu dados pawartos ingkang saged mbekta kaprihatosan dhumateng bangsa Israel, lan Yeremia kaparingan tugas minangka juru pawartos. Yeremia saged kemawon dipun tolak, dipun celathu dening bangsa Israel. Ananging Yeremia, naminipun abdi, inggih kedah tetep martosaken dhawuh punika, senajan ta mbebayani tumrap gesangipun.

Kita ugi kaparingan tugas dados juru pawartos, inggih martosaken Dhawuh Pangandikanipun Gusti dhumateng tiyang sanes minangka sesami kita. Dhawuh Pangandika punika mboten namung kaisi kaliyan pawartos-pawartos ingkang mbingahaken, ananging ugi asring kaisi kaliyan pawartos-pawartos ingkang saged mbekta raos kuciwa lan prihatos tumrap tiyang sanes. Mbingahaken utawi mrihatosaken, sadaya punika Dhawuh Pangandikanipun Gusti ingkang ngajak kita sami nglampahi gesang kanthi kebak ing kabecikan. Amin [pong]

“Ngabari kuwi, aja ditambah-tambahi, aja dikelong-kelongi”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak