Waosan : Ibrani 10 : 32 – 39 | Pamuji : KPJ 450 : 3, 1
Nats: “Supaya bisa nglakoni kersané Allah lan nampani apa sing diprasetyakaké, kowé kudu sabar mantep.” [ayat 36]
Ing kemajengan jaman samangke kathah prekawis ingkang saged dipun tindakaken kanthi gampil sanget. Raosipun kados boten wonten prekawis ingkang èwed, sedayanipun gampil. Kawontenan ingkang mekaten menika murugaken tiyang dados boten sabaran lan sregep. Kamangka nyatanipun taksih kathah kawontenan, jejibahan lan padamelan ingkang awrat lan èwed ingkang saged murugaken kasangsaran.
Waosan kita dinten menika memulang kita supados nggadhahi watak sabar mantep lan sregep. “Sabar” ing ngriki boten namung boten gampil nesu, nanging tatag lan tanggon ngalami pakèwed lan kasangsaran, boten gampil semplah lan nglokro. Dene “sregep” ateges remen nindakaken sesangkulan utawi tanggel jawab lan kewajiban. Menika ateges kedah mbucal watak kesèd (malas). Nindakaken sesangkulan lan karsanipun Gusti Allah menika mesthi wonten kemawon pakèwed ingkang saged murugaken kasangsaran. Watak sabar mantep lan sregep sanget dipun betahaken kangge mbelani tiyang-tiyang ingkang rekaos gesangipun, ingkang sangsara, ingkang kinaniaya ing tengahing masyarakat kados ingkang dipun tindakaken dening tiyang-tiyang Kristen Ibrani. Mboten namung menika, watak sabar mantep lan sregep ugi sanget kita betahaken ing salebeting anggen kita nindakaken tanggel jawab paladosan ing greja ugi padamelan sadinten-dinten wonten pundia kemawon papanipun lan menapa kemawon padamelan kita.
Supados saged sabar mantep, kita kedah tansah nyadhari bilih alam donya menika pancen papan lan malah pabriking masalah. Awit, dosa taksih makarya lan ngereh donya menika. Pramila nggih limrah menawi ing alam donya menika kathah masalah. Dene kita tiyang Kristen menika kapapanaken dening Gusti ing alam donya menika lan kautus nanggulangi masalah-masalah menika. Supados saged nindakaken karsanipun Gusti menika, kita kedah sregep. Menawi kesèd, kita boten badhe saged nanggulangi masalah-masalah lan ugi kita boten pantes nampeni kanugrahan ingkang sampun kacawisaken dening Gusti kangge kita. [st]
“Wong kang sabar lan sregep kang pantes nampani kanugrahan.”