Kampung Warna-Warni Renungan Harian 20 Februari 2018

20 February 2018

Waosan: 1 Petrus 3:8-18 |   Pamuji: KPK 319
Nats
: “Wasana kowé kabèh padha nunggala rasa lan budi. Padha tresna-tinresnanana kaya sedulur, ambek welasan andhap-asor”  (ayat 8)

Kampung wisata Jodipan ing kutha Malang, kasuwur Kampung warna-warni. Waunipun Jodipan punika kampung ingkang “kumuh”, samangke dados papan ingkang endah. Kathah wisatawan ingkang tindak dhateng kampung punika awit kaendahanipun. Krenteg ngecet kampung punika medhal saking saperangan mahasiswa Ilmu Komunikasi salah satunggaling universiatas ing Malang ingkang kagebeng ing kelompok guyspro. Wonten 30 tukang ingkang nyambut damel ngecet, supados kampung Jodipan ingkang kumuh gantos dados endah.

Kampung Jodipan dados endah awit cet ingkang mawarni-warni. Kathah tiyang ingkang remen lan rumaos bingah menawi tindak dhateng kampung punika. Menawi kampung warna-warni Jodipan saged ketinggal endah, punapa kita manungsa ingkang warna-warni punika ugi saged ngetingalaken kaendahaning gesang? Tamtunipun saged. Boten wonten ingkang mokal.

Kita sami ngrumaosi bilih kawontenaning bangsa Indonesia punika mawarni-warni ing sedaya perkawis.  Ing bab suku, agami, budaya, adat istiadat, golongan, lan sapiturutipun. Nanging ingkang wigatos kangge kita inggih punika ngugemi lan nglampahi dhawuhipun Gusti ingkang mekaten: „Wasana kowé kabèh padha nunggala rasa lan budi. Padha tresna-tinresnanana kaya sedulur, ambek welasan andhap-asor”. Kanthi mujudaken nunggiling raos, tresna-tinresnan, ambeg welasan lan andhap asor kita saged mujudaken endahing gesang. Kita kagungan pangajeng-ajeng supados bangsa Indonesia, ingkang mawarni warni  punika tansah ketingal endah. Sampun ngantos dhawah ing crah dan bubrah. Kita minangka peranganing bangsa mangga tansah njagi kaendahanipun.  Amin. (SWT).

“Tansah nyawiji mbangun urip kang adya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak