Atindak Loma Tanpa Anggunggung Dhiri Renungan Harian 2 Agustus 2018

2 August 2018

Waosan : Pangentasan 12 : 33-42  I  Pamuji: KPJ 179
Nats:
“Dhasar Pangeran Yehuwah kang ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, temah padha nuruti sapanjaluke.” (ayat 36a)

Limrahipun bangsa panindhes tumindak kanthi sawiyah-wiyah saha tanpa welas asih dhateng bangsa ingkang dipun tindhes. Ananging kasunyatan punika radi benten kaliyan ingkang dipun lampahi bangsa Israel nalika katindhes dening bangsa Mesir. Nalika tiyang Israel katundhung saking tlatah Mesir, para tiyang Mesir malah atindak loma dhateng para tiyang Israel.

Tiyang Israel pitados bilih sadaya ingkang kalampahan ing gesanging bangsa punika boten uwal saking rancanganipun Gusti Allah. Nalika bangsa Mesir nampeni wewelak kaping sedasa, inggih punika sedanipun para putra pambajeng, Prabu Pringon saha tiyang Mesir giris. Mila tiyang Israel kapurih nilar tlatah Mesir. Panjenenganipun angribah wangkoting manahipun Pringon tuwin para tiyang Mesir supados nggadhahi raos welas asih dhateng bangsa Israel. Temah tiyang Mesir sami nuruti panyuwunipun tiyang Israel. Gusti ingkang ndadosaken tiyang Mesir purun nguningani kasangsaranipun Israel. Gusti ingkang ngosikaken manahipun tiyang Mesir temah karsa atindak loma. Gusti ingkang ndadosaken tiyang Mesir nuruti sadaya panyuwunanipun Israel kanthi tulus ekhlas.

Jaman sakmangke kathah tiyang ingkang atindak loma klayan gumunggunging dhiri. Paring paweweh dhateng tiyang sanes ingkang mbetahaken awit kanthi rumaos dados tiyang paling sae piyambak. Paring pambyantu  nanging kanthi nggunggung dhiri. Melasi sesami nanging kanthi sengaja dipun tedahaken dhateng tiyang kathah, supados tiyang sanes sami ngalembana.

Sumangga kita akeni bilih kita saged ambyantu tiyang sanes, punika sanes awit saking kabisan kita, nanging awit saking berkahing Allah. Gusti ingkang ndadosaken kita purun nguningani kasangsaranipun tiyang sanes. Gusti ingkang ngosikaken batos kita supados paring paweweh kanthi tulusing manah. Sadaya ingkang kita tindakaken inggih namung karana Gusti. Pramila boten sakmesthinipun kita gumunggung awit saking sadaya ingkang kita lampahi kagem sesami. Gusti piyambak ingkang ngersakaken kita supados tansah dados berkah kanthi tulus saha asoring manah. [wdp]

“Gusti Allah kagungan panguwaos ngewahi wangkoting manah kadadosaken kebak ing kawelasan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak