Waosan: 1 Korinta 2 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 203
Nats: “Anggonku caturan utawa anggonku martakake ora nganggo tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh, supaya pracayamu aja nganggo landhesan kawasisaning manungsa, nanging kakiyataning Allah.” (Ayat 4 – 5)
Awan kuwi, Mas Nyari wong anyaran ing desa lagi andhok ning warung pecel Mbok Sih. Dumadakan Mas Apus uga lunguh lan mung pesen kopi. Kekarone jagongan ketok gayeng. Mas Apus nyritakne bab usahane sing wis sukses lan merga kuwi isa nyantai lan ngopi awan-awan. Uga nyritakake mobil-mobil koleksine sing dititipne kancane, merga neng omahe wes ora amot maneh. Mas Nyari monthak-manthuk sajak kesengsem cerita mau. Pungkasane, Mas Apus ajak-ajak nyambut gawe bareng. Ora let suwe, Mas Apus lunga tanpa bayar kopi, jarene ora nyekel dhuwit cilik. Mbok Sih mung mbesengut karo nyedaki Mas Nyari banjur kanda: “Aja percaya mas, kuwi mau mung nggedabrus.”
Pasamuwan Korinta mapan wonten ing satengahipun kutha dagang. Kutha ageng ingkang kebak kabudayaan lan dados panggenanipun maneka warni agami. Kathah tiyang saking pundi-pundi tumplek blek wonten Korinta. Mila mboten gampil leladi lan martosaken Injil ing pasamuwan Korinta. Rasul Paulus kanthi rekasa martosaken Injil tumrap warga kutha Korinta. Rasul Paulus paring paseksi bilih anggenipun martosaken Injil punika mboten nggedabrus kanthi tetembungan ingkang wasis lan ngyakinake manut ukuran manungsa, nanging tetembungan ingkang medal awit kakiyatan lan panuntunipun Sang Roh Suci. Pramila tuwuh lan ngrembakanipun pasamuwan Korinta punika namung kalandhesan kakiyatanipun Gusti. Kakiyatan ingkang ugi nuntun Paulus nglampahi peladosan ing pundi-pundi. Matemah tansaya kathah tiyang ingkang pitados lan ngraosaken katentreman Kraton Swarga.
Tumrap tiyang sanes, Kitab Suci punika kaanggep namung lembaran-lembaran kertas ingkang nyerat tulisan-tulisan manungsa. Tetembungan endah lan wasis ingkang sinerat ing Kitab Suci, kaanggep nggedabrus, kothong, lan angin lalu. Nanging kangge kita para pitados, Kitab Suci punika kasusun dening para sesepuh ingkang dipun tuntun Roh Suci supados nyerat paseksi bab pakaryanipun Gusti lan pitedah tumrap tiyang pitados matemah sami wilujeng. Anggenipun nyerat sanes pikajengipun piyambak. Laras kaliyan lelampahanipun Rasul Paulus ingkang mbabaraken Injil tumrap pasamuwan ing Korinta, mugi kita ugi katuntun lumampah ing margi rahayu ingkang kacawisaken dening Gusti lantaran Kitab Suci. Rahayu kita sedaya ingkang sami maos kitab suci lan ngestokaken ing gesang kita. Amin. [Jarwi].
“Rahayu wong kang manut lan netepi dhawuhe Gusti klawan eklasing ati.”