Gusti Kenal Sanget Kalian Kita Sedaya Renungan Harian 19 September 2018

19 September 2018

Bacaan : Yokanan 7 : 25-36 │ Pujian : KPJ 191
Nats
: Aku kang wanuh, amarga wijilKu saka ing Panjenengane, lan iya iku kang ngutus Aku.”  (Ayat 29)

“Ngelu aku! Butuh dirungakna ora butuh ceramahan sing dawa kaya sepur..” seratipun Mbak Revi wonten ngandapipun gambar sepur ingkang diupload ing Instagram.

Wonten ing jaman punika, kathah tiyang ingkang boten percaya dhumateng para rencangipun sinaosa sampun tepang dangu sanget. Bab punika boten tanpa sebab. Awit asring menawi tiyang cariyos bab kahananipun, utawi menapa ingkang dipun alami wonten ing gesangipun malah nampi nasihat utawi pitutur ingkang kathah. Menawi tiyang gadhah masalah, ingkang dipun betahaken punika namun dipirengaken kemawon cariyosipun, boten malah nampi tembung-tembung ingkang nambahi pikiran.Punika ingkang dadosaken tiyang ingkang gadhah masalah awrat langkung remen curhat wonten ing media sosial. Kadosipun media punika dipercaya sanget saged mirengaken sedaya keluh kesahipun. Nggih! Leres, ananging media boten saged mangsuli sedaya ingkang dipun betahaken.

Gusti Yesung tepang sanget kaliyan para umatipun. Gusti ugi pirsa menapa mawon ingkang dados kaprihatosan kita. Malah sakderengipun kita nyenyuwun, Gusti sampun nyawisaken sedaya.

Tiyang ingkang ngakeni kwasanipun Gusti, sejatosipun boten namung pitados mawon, ananging ngestokaken menapa ingkang dados iman kita. Gusti langkung canggih tinimbang media sosial. Kita saged ngresula ugi cariyos menapa mawon wonten ing ngarsanipun Gusti. Awit rupinipun ‘sumerep’ utawi pasrah mawon boten cekap kangge bukti bilih tiyang punika estu-estu pitados kaliyan Yesus.

Gusti boten namung tepang kaliyan Allah Rama, awit Panjenenganipun ingkang ngutus Gusti Yesus. Wonten ing gesangipun manungsa, Gusti pirsa lan tepang sanget kalian para umatipun tanpa wonten ingkang ketriwal. Gusti Yesus kang kautus dening Allah asring boten kita mangertosi, awit manungsa boten sampurna lan boten saged nyelami ugi ngukur agenging kwasanipun Gusti. Kita pitados mawon, ngestokaken sabdanipun wonten ing padintenan. Sampun ngantos pitados dhumateng kwasa allah sanesipun. [Vie]

“Gusti Yesus kautus dening Allah Rama supados kita nampi pitulungan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak