Dadi Malaekat Pancaran Air Hidup 19 Oktober 2024

19 October 2024

Waosan: Jabur 91 : 9 – 16  |  Pamuji: KPJ. 196 : 3, 5
Nats: “Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.” (Ayat 11)

Wonten satunggaling Pendhita ingkang nate kepepet anggenipun badhe ngladosi. Awit saking punika piyambakipun rumaos bingung. Dumadakan wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang langkung ing papan dunungipun Pendhita punika. Sareng ningali Pendhitanipun ketingal bingung, lajeng piyambakipun kendel ing ngriku lan atur pitulungan, satemah Pendhitanipun punika uwal saking karibedanipun. Warga pasamuwan ingkang paring pitulungan punika sejatosipun sanes satunggaling warga pasamuwan ingkang aktif ing kegiatan greja. Pendhita punika lajeng ngandika: “Sampean iki malaekat kang diutus Gusti nulungi aku. Matur nuwun ya, Dik. Gusti mberkahi sampean.”

Ayat emas kita nyebataken bilih Gusti Allah ndhawuhi para malaekatipun supados nunggil lan ngreksa umatipun ingkang saweg ngalami karibedan. Gusti Allah ngutus para malaekatipun, karana Panjenenganipun boten ngersakaken umatipun nemahi bilai. Ngalami kesandhung kemawon boten dipun kersakaken, punapa malih pejah,  kamangsa dening singa utawi dipun cokot sawer. Cekakipun, Gusti Allah ngersakaken umatipun ingkang saweg kepepet lan ngadhepi bebaya supados kaluwaran. Panjeneganipun ngutus malaekatipun paring pitulungan lan pangreksa.

Gusti Allah ngutus kita dados para “malaekatipun” kinen mitulungi umatipun Gusti saking karibedan lan bebaya. Wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang saweg nandhang sakit sanget lan kedah cuci darah kanthi ajek. Saben wekdal dhateng Griya Sakit, piyambakipun kedah mlampah ngos-ngosan nglangkungi gang (margi alit) dhateng papan mobil ingkang mbekta piyambakipun dhateng Griya Sakit. Awit saking punika, wonten warga sanesipun ingkang mbudidaya ngupadi ampilan kursi roda, satemah piyambakipun boten ngos-ngosan malih. Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken netepi pangutusanipun Gusti Allah? Tamtu boten sekedhik umatipun Allah ingkang mbetahaken pitulungan lan pangreksa saking malaekatipun. Mangga kita purun dipun agem Gusti dados pirantinipun kangge atur pitulungan dhateng sesami. Amin. [st]

“Dadia malaekat mujudake sih katresnane Allah!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak