Waosan : Yesaya 47 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ 369
Nats: “Ora ana liyane ing sandhingku !” [Ayat 8c]”
Wonten kalih pitik jago tandhing, nyucuk, kablukan lan adu jalu. Rebut dados ingkang unggul kang aran ratuning pitik sekandhang. Sasampunipun ngawonaken mengsah lajeng kluruk sora tandha kamenangan. Boten cekap kluruk ing ngandhap, sawung jago mabur dhateng wuwungan supados klurukipun saged keprungu pitik-pitik ing sanjawining kandhang. Dumadhakan saking akasa, manuk bidho ageng mandhap saklebat lan mulung pithik dados mangsanipun. Kados pundi menawi sampun kedadosan makaten? Kaunggulan ingkang digayuh nglaha, muspra tanpa guna.
Inggih mekaten badhe katindhakaken pangadilan marang manungsa dosa ingkang kumalungkung wonten ngarsanipun Allah ingkang Mahakuwaos. Piyambakipun mboten ngrumaosi bilih kawontenanipun namung titah ringkih lan mboten saged kabandingaken kaliyan kaluhuran lan kamulyanipun Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Sadaya kasugihan, kalenggahan, kaluhuran lan kamukten punika kagunganipun Gusti Allah ingkang Murbeng Jagad. Bilih menika kaparingaken dhateng manungsa sawetawis, inggih abdinipun, supadosa tansah abdi menika setya tuhu mbangun turut lan ngener dhumateng timbalanipun Gusti kang Maha Kuwaos. Dhumateng pambalelanipun manungsa dosa saha anggenipun lumampah mimpang saking margi kayektosan, Gusti Allah piyambak badhe ndhawahaken paukumanipun lan nguculi sadaya kamulyanipun.
Krajan Babel menika ugi abdinipun Gusti Allah ingkang Maha kuwaos, kaparingan kaunggulan lan pangwaos krajan ing donya lan kapiji dados piranti ndhawahaken paukuman marang bangsa Israel supados mratobat saking dosa lan pialanipun. Ananging kalenggahan mulya ing antaraning para bangsa ndadosaken piyambakipun kumalungkung lajeng nyawiyah marang kasucenipun Gusti Allah. Mekaten ugi anggenipun dhawahaken paukuman nglakungi punapa ingkang katetepaken dening Gusti Allah. Wusana Gusti Allah ngucemake, ngasorake lan ndadosaken krajan Babel sirna, lebur ing dhasaring bumi saha mboten saged kawangun malih.
Iki tembung kang satuhu, Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kekiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana (Why 5:12) [PAY]
“Panjenengane iku pinasthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda”