Kamulyan Ingkang Nggesangaken Pancaran Air Hidup 19 November 2025

19 November 2025

Waosan: Yeheskiel 43 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ.­­­­­­­­­­­­­­­­­­ 136
Nats: “Sang Roh mau tumuli njunjung aku lan mbekta aku menyang ing plataran njero, lah, Padaleman Suci iku kapenuhan ing kamulyaning Sang Yehuwah.” (Ayat 5)

Wonten salah satunggaling desa dangu mboten wonten jawah, matemah ndadosaken siti sami retak, taneman sarwa layu, lan sato kewan sami kera (kurus). Nanging sawijining dinten, desa punika ngalami jawah deres sanget, matemah ndadosaken siti saged nyerep toya, taneman saged seger malih lan katingal ijem, mekatena pigesangan kapulihaken. Jawah mbekta pangajeng-ajeng lan pigesangan enggal. Mekaten nalika kamulyaning Gusti ngebaki malih Padaleman Suci kados ingkang dipun pirsani dening nabi Yehezkiel. Prastawa punika mboten namung tetingalan wahyu, nanging pratandha nyata bilih pigesangan rohani tumrap bangsa Israel badhe kapulihaken.

Waosan kita nyerat bab tetingalan wahyu ingkang ngedab-edabi ngengingi kamulyaning Sang Yehuwah ingkang wangsul dhateng Padaleman Suci saking sisih wetan. Punika minangka pratandha bilih Sang Yehuwah taksih karenan dedalem ing satengahing umat-Ipun. Roh Allah ngasta Yehezkiel mlebet ing plataran lebet, lan sang Nabi saged mirsani bilih Padaleman Suci punika kebak kamulyan (Ay. 5). Gusti Allah dhawuh bilih papan punika minangka dhamparing Sang Yehuwah lan papan tlapakaning Panjenenganipun. Sang Yehuwah badhe dedalem ing satengahing pigesanganipun umat, bilih umat mboten najisaken malih asmanipun Sang Yehuwah sarana nyembah brahala (Ay. 7-9). Yehezkiel ugi nampi dhawuh supados piyambakipun njlentrehaken bab Padaleman Suci lan aturanipun supados bangsa Israel saged mangertosi kalepatanipun, matemah umat punika wirang bab dosanipun lan purun gesang setya malih dhumateng Gusti (Ay. 10-12).

Pesen punika sarujuk kaliyan pigesangan samangke, asring kita mboten saged ngregani pigesangan, kados ta nindakaken kekerasan, mboten peduli liyan, utawi ngrisak titahipun Gusti (alam). Nalika kamulyanipun Gusti nguwaosi malih katresnan lan kasucen-Ipun, tamtunipun kita saged dados pribadi ingkang nindakaken budaya pro kehidupan, inggih punika saged ngregani, ngrimati, lan mbelani pigesangan kados pundia kemawon wujudipun.

Ing sasi budaya punika, kita kaajak mangun pigesangan ingkang suci, ingkang nggambaraken kawontenanipun Gusti Allah ing dhiri kita. Ing salebeting brayat, masyarakat, lan panyambut damel, kita dipun timbali kangge ngupadi mujudken nilai-nilai pigesangan, kaadilan lan katresnan, awit ing salebeting punika kamulyaning Sang Yehuwah dedalem. Amin. [nn].

“Kamulyaning Sang Yehuwah nggesangaken saben manah ingkang purun ngupadi katresnan, kaadilan, lan kasantosaning gesang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak