Ngulinakaken Pirukun Pancaran Air Hidup 19 November 2024

19 November 2024

Waosan: Ibrani 10 : 32 – 39 | Pamuji: KPJ. 343 : 3
Nats: “… nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.” (Ayat 34)

Manungsa punika gampil sanget males piawon klayan tumindak awon. Malah kadhang kala kasaenan dipun wales klayan piawon. Kawontenan ingkang makaten punika pancen mrihatosaken. Menawi piawon ingkang dipun wales klayan piawon punika ngantos turun-tumurun lan dados pakulinan, sipating pirukun badhe sirna, wontenipun namung cecongkrahan lan memengsahan ingkang lestari lan langgeng. Piawon punika kedah dipun cuthel klayan tumindak utama. Klayan makaten badhe tuwuh pirukun ingkang langgeng.

Kathah tiyang Kristen Ibrani asring nampi patrap awon saking tiyang sanes. Tiyang-tiyang punika sami dipun wirangaken ing ngajenging tiyang kathah, dipun aniaya ngantos nandhang sangsara, dipun kunjara, sarta dipun rampog. Nadyan makaten, tiyang-tiyang Kristen punika mboten males piawon punika klayan tumindak awon. Ingkang dipun tindakaken namung mbelani tiyang-tiyang ingkang dipun patrapi piawon. Malah nalika dipun rampog barang darbekipun, tiyang-tiyang punika nampung nrima kemawon kanthi legawa, karana pitados sampun nampi peparing ingkang langkung aji lan langgeng saking Gusti. Cekakipun, tiyang-tiyang Kristen Ibrani punika tansah mbudidaya mujudaken lan ngulinakaken pirukun kaliyan sadaya tiyang. Karsanipun Allah dipun tetepi kanthi tumemen dados pakulinan lan kabudayan.

Wonten pinisepuhing pasamuwan ingkang nemahi bilai ngantos seda karana katabrak sepeda motor. Lelampahan punika kadadosan nalika piyambakipun saweg nyawisaken riyadi Undhuh-undhuh. Tamtu kemawon warga sapasamuwan sami rumaos sedhih sanget, punapa malih garwa lan brayatipun. Nadyan makaten, garwanipun pinisepuh punika mboten nuntut pidana awrat tumrap tiyang ingkang nabrak, malah kapara paring pangapunten. Kita kedahipun ugi sagah lan saged males piawon klayan kasaenan. Kautaman makaten punika kedahipun malah kita kulinakaken dados kabudayan. Amin. [st]

“Pirukun bakal tuwuh saka piwales becik marang piala.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak