Waosan : Wahyu 14 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 439 : 1
Nats: “Lan ing cangkeme ora tinemu kang cidra; wong iku padha tanpa cacad.” (Ay. 5).
Wis samestine, ati iki nelangsa, wong sing tak tresnani, mblenjani janji
Apa ora eling, nalika semana, kebak kembang wangi jroning dada
Kepiye maneh, iki pancen nasibku, kudu nandhang lara, kaya mangkene
Remuk ati iki, yen eling janjine, ora ngira jebul lamis wae
Dek apa salah, awakku iki? Kowe nganti tega mblenjani janji
Apa merga kahanan uripku iku, mlarat bandha seje karo uripmu
Aku nelangsa merga kebacut tresna, ora ngira saikine CIDRO
Lirik tembang ingkang dipun tembangaken dening Godfather of Broken Heart, Didi Kempot kraos ndhudut ati. Tembang punika nggambaraken kekasih ingkang muspra sesambetanipun, awit wonten ing satengahing sesambetan, salah satunggalipun mblenjani janji. Boten mangertos kenging punapa, ananging ing tembang kalawau kacariyosaken muspranipun sesambetan punika, mbok bilih krana status sosial : “mlarat bandha, seje karo uripmu”. Wusananipun, cidra.
Kitab Wahyu nyebataken wonten tiyang ingkang cacahipun satus sekawan dasa sekawan ewu ingkang sampun katebus saking bumi. Sacara umum, Kitab Wahyu nggambaraken paprangan antawisipun bala tantranipun Gusti Allah kaliyan kakiyatan-kakiyatan pepeteng. Paprangan kalawau kagambaraken sacara dramatis ing kitab Wahyu, lumantar gegambaran kados kewan ageng lan aneh, ugi kahanan paprangan ingkang gegirisi. Wusananipun, bala tantranipun Gusti Allah unggul saking kakiyatan pepeteng kalawau. Anggenipun unggul dadosaken para manungsa katebus lan salah satunggaling inggih punika tiyang ingkang boten tinemu cidra lan tanpa cacad.
Wonten ing gesang kita, mbok bilih kita asring manggihi lan ngraosaken piyambak raos cidra wonten ing manah kita. Cidra punika nuwuhaken raos sakit ing manah ingkang njangget saestu. Cidra punika saking tiyang ingkang mblenjani janji. Punika ndadosaken kita sinau supados boten gampil janji-janji menawi kita piyambak boten saged nepati janji. Janji-janji palsu, nuwuhake cidra ing gesang kita. (dix)
“Aja cidra”