Waosan : Jabur 141 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ. 129 : 1, 2
Nats: “Dhuh Allah, mugi kersa njagi dhateng lambé kawula, korining lambé kawula mugi Paduka reksa” [Ay.3]
Nalika kita tindhak dhateng toko, asring pramuniaganipun ngetutaken kita. Nalika kita nyambut damel, asring kita dipun awasi kaliyan pimpinan kita. Menapa ingkang kita raosaken? Temtu kita rumaos kirang bebas, lampah kita kados-kados kawates.
Dawud nate ngadepi pacoban ing satengahing gesangipun. Wonten kahanan ingkang dadosaken Dawud sambat. Nalika semanten Dawud ndedonga tuwin nyuwun pitulungan dhumateng Gusti Allah (ayat 3) sarta njagi manah supados tetep resik. Dawud mboten kepengen kelu wonten ing kahanan ingkang dipun adepi. Piyambakipun siyap dipun paring pitutur, dipun kendalekaken, dipun reksa kaliyan Gusti, lumantar sedaya caranipun Gusti salebeting gesangipun pemazmur. Reridu ing manahipun sang pemazmur inggih menika saged meper diri lan saged ngendalekaken diri supados pocapan ingkang medal mboten ndadosaken bab ingkang muspra, ananging pocapan ingkang dipun lairaken saged dados pisungsung ukupan ingkang arum ing ngarsanipun Gusti.
“Hati – hati gunakan mulutmu” menika perangan alit (selarik baris) lagunipun para lare alit. Lirikipun sederhana ananging maknanipun lebet sanget. Perkawis ingkang mboten gampil estunipun ngendalekaken bab pocapan menika. Kadangkala, pocapan menika gampil sanget dipun ucapaken, mboten dipun penggalih malih menapa pocapan menika saged ndadosaken penggalih tiyang sanes “tersakiti” menapa mboten. Kanthi pocapan, tiyang saged ngrembag kaawonan aning tiyang sanes. Kanthi pocapan saged ugi tiyang sami mitnah, “mengkambing hitamkan”, lan ugi kanthi pocapan menika tiyang saged nggedek – nggedekaken perkawis ingkang sepele, lsp. Menika kasunyatan ingkang kalampahan ing wekdal menika.
Sumangga kita sami sadar, bilih kita kedah meper pocapan kita, karana Gusti ingkang wonten ing swarga sami ningali, ngawasi dhumateng kita. Salebeting gesang, duka napa sae napa mboten, utawi ing satengahing pacoben ing gesang, kita manungsa kedah tansah meper/ ngreksa wicantenan kita. Mugi kita sedaya saged mangandika ingkang endah, kebak sih katresnan tan tansah mbangun miturut dhumateng Gusti. (Itha)
“Katentremaning gesang kawiwitan saking ngendaleni pangucap kita”