Kristen Pancaran Air Hidup 19 Mei 2025

19 May 2025

Waosan: Lelakone Para Rasul 11 : 19 – 26  |  Pamuji: KPJ. 450 : 1, 2
Nats: “sarta padha tetunggalan karo pasamuwan nganti sataun lawase, sinambi memulang marang wong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswa anggone wiwit padha kasebut Kristen.” (Ayat 26)

Tembung “Kristen” ing jaman samangke sampun limrah dipun agem kangge sebutan agami. Nanging ing jaman para Rasul tembung “Kristen” punika dipun agem kangge nyebut para pandherekipun Gusti Yesus Kristus. Tiyang Kristen nalika jaman para Rasul kasebar ngantos ing Fenisia, Siprus, lan Antiokhia sak sampunipun Stefanus kaukum pati. Sumebaripun para pandherekipun Gusti Yesus punika ndadosaken Injil ugi sumebar dhateng papan ingkang dipun tuju dening para rasul punika.

Sanadyan sumebar karana raos ajrih sak sampunipun Stefanus kaukum pati, nanging para pandherekipun Gusti mboten kecalan ciri khasipun. Pramila ing ayat 26 dipun sebutaken bilih ing Antiokhia para pandherekipun Gusti Yesus wiwit kasebut Kristen. Sebutan Kristen punika karana para pandherekipun Gusti Yesus punika tetep martosaken Injil wonten pundi mawon panggenanipun. Para rasul punika martosaken Injil kanthi temen lan wonten pitulungan saking Gusti Allah ingkang ndadosaken kathah tiyang sami mratobat lan pitados dhumateng Gusti Yesus (Ay. 21). Para rasul ingkang setya martosaken Injil punika dados margining berkah kanggenipun tiyang ingkang dereng pitados. Para tiyang punika lajeng pitados sarta nampi janji kawilujengan saking Gusti Yesus. Pramila sebutan Kristen punika mboten namung sebutan agami nanging sebutan kagem tiyang ingkang setya martosaken Injil lumantar gesang padintenanipun.

Ing mangsa riyadin undhuh-undhuh sakmangke kita kaajak martosaken Injil ing gesang kita ingkang awujud saos sokur. Saos sukur punika salah satunggaling piwucalipun Gusti kagem kita para pandherekipun. Pramila undhuh-undhuh punika dados sarana kangge kita martosaken Injil srana saos sokur. Kita pitados bilih berkahipun Gusti punika nyekapi kangge kabetahan gesang kita sadaya. Pramila mangga kita sami sukabingah ndherek Gusti Yesus, kita sami sedya nindakaken karsanipun Gusti kados para rasul ingkang setya martosaken Injil Suci, mekatena kita ugi setya nglampahi karsanipun Gusti salebeting gesang kita padintenan kanthi memuji lan saos sokur dhumateng Gusti. Amin. [Kuh.C]

“Kristen mboten namung agama nanging margining gesang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak