Konflik Pancaran Air Hidup 19 Mei 2022

19 May 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 15 : 35 – 41 ǀ Pamuji: KPJ. 339
Nats:
“Bab iki ndadekake dredahe sakarone, temahan padha pepisahan.” (Ayat 39).

Mireng tembung “konflik” umumipun kita nggadhah pemanggih bilih punika bab ingkang awon lan mboten sae tumraping gesang kita. Pramila saben tiyang tansah mbudidaya, supados ing gesangipun mboten wonten konflik, temahan saged gesang kanthi ayem lan tentrem. Ananging kita mboten saged selak, bilih konflik punika estunipun inggih dados bagean lampahing gesang kita. Sae punika wonten ing salebeting gesang bebrayatan lan pasamuwan. 

Ing waosan kita punika mratelakaken bab konflik antawisipun rasul Paulus lan Barnabas. Ingkang dados jalaran inggih punika karana kekalihipun nggadhahi pemanggih ingkang benten babagan sinten ingkang kedah dipun ajak nuweni para sadulur ing saben kitha ingkang sampun nampi pangandikanipun Gusti (Ay. 36). Barnabas nggadahi pemanggih kepengin ngajak Yokanan Markus. Ananging rasul Paulus mboten sarujuk awit miturut piyambakipun mboten prayogi ngajak tiyang ingkang sampun nilaraken peladosan ing Pamfilia lan mboten purun dipun ajak nyambut damel sesarengan. Pungkasanipun rasul Paulus lan Barnabas sami pepisahan nindhakaken peladosanipun. Barnabas lan Yokanan Markus martosaken pangandikanipun Gusti tumuju dhateng Siprus, dene rasul Paulus lan Silas martosaken pangandikanipun Gusti dhateng Siria lan Kilikia (Ay. 37-41).

Bilih kita migatosaken konflik antawisipun rasul Paulus lan Barnabas punika sejatosipun wonten bab ingkang sae ingkang saged kita sinaoni sesarengan inggih punika efektifitas peladosan. Sepisan, rasul Paulus lan Barnabas martosaken pangandikanipun Gusti wonten ing papan panggenan ingkang benten. Kanthi cara mekaten tamtu kekalihipun saged ngrambah langkung kathah para sadulur (pasamuwan) ingkang dipun tuweni. Sinaosa sesambetanipun (hubungan utawi relasi) rasul Paulus lan Barnabas wonten konflik, ewosemanten peladosan tetep kalajengaken. Kaping kalih, ing kala mangsanipun Gusti Allah ugi migunakaken konflik kangge nedhahaken rancangan lan pakaryanipun tumrap umat kagunganipun. Wontenipun konflik bilih saged karampungaken kanthi sae saged dados sarana mbangun kakiyatan, kakompakkan lan karukunan ingkang sangsaya kekah. Gusti Allah nedhahaken pakaryanipun ing sadhengah kahanan. Amin. [Sugimbul].

“Konflik ora disingkiri, nanging kudu dirampungi.
Konflik ora mesthi mbebayani, kadhangkala ya isa migunani.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak