Waosan : Ulangan 5 : 22 – 33 | Pamuji : KPJ. 15
Nats: “…sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kawula lampahi.” (ay.27)
Pinten-pinten dinten punika, kula ningali youtube ingkang wosipun gegayutan kaliyan tiyang-tiyang ingkang kepingin mbikak mripat batinipun. Secara umum, tiyang-tiyang ingkang nggadhahi pepinginan punika inggih karana kepengin nyumerepi prekawis-prekawis ingkang kasat mripat kadosta kepingin mirsani lelembut lan sapanunggalipun. Ananging wonten salah satunggalipun youtubers (sebatan kanggenipun tiyang ingkang mengunggah video dhateng youtube) ingkang nggadhahi pamanggih ingkang benten. Piyambakipun anggenipun kepingin mbikak mripat batinipun inggih karana kepingin sumerep lan tengen punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Menawi dipun raosaken, jarang sanget tiyang ingkang kepingin sumerep/mirengaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti kanthi estu, punapa malih tansah nggondheli lan purun nglampahi pepakenipun Gusti.
Kasagahan bangsa Israel ingkang cumadhang mirengaken lan nindhakaken sabdanipun Gusti Allah kados ing ayat 27, sampun dipun pirengaken kaliyan Gusti. Mila Gusti lajeng paring apresiasi/penghargaan dhumateng sikap lan prasetyanipun bangsa Israel punika kados ingkang kaserat ing ayat 28-29. Sikap bangsa Israel punika nedahaken sikap urmat lan lembah manah ingkang lair saking salebeting batos. Mila asring ing sadhengah prekawis ing gesang kita ingkang ugi mbetahaken mripat batin ingkang terasah lan terlatih, ingkang tansah tumenga dhateng Gusti. Awit paningal fisik kita ugi nggadhahi keterbatasan.
Bangsa Israel sampun makaping-kaping mirsani pitulunganipun Gusti, nanging ewasemanten taksih asring mbalela. Mbok menawi kita ugi mekaten. Nanging nalika Gusti nguningani prasetyanipun bangsa Israel ingkang kepingin tansah mirengaken lan nindhakaken dhawuhipun Gusti, Gusti rumaos remen. Sumangga kita sinau saking pengalamanipun bangsa Israel punika. Kita sami sinau mbikak mripat batin kita supados saged mirsani/ nyumerepi pakaryan-pakaryan saha pikajeng-pikajengipun Gusti ingkang sampun kababar ing gesang kita, ugi ingkang wonten ing paseksinipun kitab suci lan pratandha-pratanda alam lan jaman ingkang tansah berubah sairingipun wekdal, satemah gesang kita tansah nuwuhaken woh-wohing gesang ingkang sae. (DK)
“Mripat kuwi kayadene lampu tumraping badan”