Waosan : Yokanan 13 : 31 – 35 | Pamuji : KPJ 176
Nats : “Aku maringi pepakon anyar marang kowe, iya iku supaya kowe padha tresnatinresnanana; dikaya anggonku wis tresna marang kowe, kaya mangkono uga kowe iya padha tresna-tinresnanana” [ayat 34]
Bertemu dalam kasih-Nya, berkumpul dalam anugrah-Bya Bersukacita semua, didalam rumah Tuhan o…o… Saudaraku dan saudariku, Tuhan cinta dan mengasihimu Mari bersukacita semua, di dalam Rumah Tuhan
Pujian punika mestinipun sampun asring kita pujekaken. Sae wonten ing pangabekti mekaten ugi nalika wonten ‘moment keakraban’. Wonten ingkang mujekaken kanthi ekspresi utawi mawi gerakan, wonten ugi ingkang dipundadosaken pujian kangge ngiringi games. Kadospundi kemawon caranipun memuji, sejatinipun pujian punika saestu paring arti dumateng kita. Saben tiyang pitados kaajak lan kasagedaken mujudaken katresnan wonten ing pigesanganipun, inggih punika katresnan kaliyan sesami. Langkunglangkung bilih katresnan ingkang kedah kawujudaken punika adedhasar saking Gusti Yesus pribadi ingkang sampun maringi katresnan ingkang ageng dumateng tiyang pitados, inggih punika kawilujengan ingkang sejati. Pramila, katresnan punika pepakon ingkang utami tumrapipun tiyang pitados.
Pepakon ingkang sami kaliyan pujian punika inggih wonten ing isining Injil Yokanan 13: 31 – 35. Renungan kita dinten punika nerangaken bilih Gusti Yesus maringi pepakon anyar dumateng umat kagunganipun. Mawi nats ing ayat 34, saben tiyang pitados kaparingan pepakon anyar, inggih punika supados sami tresna-tinresnan kadosdene Gusti Yesus ingkang sampun tresna marang pandherekipun. Dados, Gusti Yesus sampun miwiti, lan umat kagunganipun kaajak nglajengaken.
Ing pigesangan kita, katresnan punika mboten bab ingkang enggal. Tiyang pitados sampun mangertosi bilih tuladha Gusti Yesus ingkang pinunjul piyambak inggih punika katresnan. Pramila, sumangga kita lajengaken kanthi saestu. [noevhi]
“Katresnan iku dipunucapaken, dipuntindakaken, lan dipunlajengaken”