Nduwe Wong Njero, Dekengane Pusat Pancaran Air Hidup 19 Maret 2025

19 March 2025

Waosan: 2 Babad 20 : 1 – 22  |  Pamuji: KPJ. 447
Nats: “… Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.” (Ayat 15b)

Ing satengah-tengahing lampah pigesangan ingkang dipun raosaken sansaya awrat, mliginipun ing babagan pados panyambut damel, sandhang, pangan, lan nggayuh karaharjan, kathah tetembungan ingkang kacipta kangge paring panglipur ing kawontenan punika. Kados ta “nduwe wong njero, dekengane pusat”. Pitembungan punika gambaraken bilih gampil utawi mbotenipun tiyang samangke pados pandamelan lan nglampahi gesang punika gumantung saking gadhah utawi mbotenipun sedherek utawi rencang ingkang nggadhahi panguwaos ing salebeting papan panyambut damel ingkang badhe dipun tuju.

Senaosna pitembungan “nduwe wong njero, dekengane pusat” kalawau nggadhahi pengertosan ingkang karaosaken mboten sae karana nggambaraken kawontenan nepotisme, ananging pitembungan kalawau saged dados sae bilih kita dadosaken gegambaranipun tiyang ingkang ndherek tut wingking Gusti. Pitembungan kalawau saged dados kakiyataning iman, bilih tiyang ingkang ndherek Gustu mboten prelu ajrih lan kuwatos awit wonten Gusti ingkang tansah mranata lan paring jaminan karaharjan dhateng para pandherek-Ipun.

Kadosdene bangsa Israel wonten ing waosan dinten punika. Bangsa Israel rikala semanten dipun abenajengaken kawontenan ingkang awrat karana badhe perang nglawan bangsa Moab lan Amon. Bangsa Israel rumaos ajrih lan kuwatos awit cacahipun bangsa Moab lan Amon kalawau saestu kathah sanget. Nanging, Yahaziel ingkang katedhakan ing Rohipun Sang Yehuwah paring panglipur, “Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.” (Ay. 15). Tetembungan punika saestu paring kakiyatan lan semangat kangge bangsa Israel ingkang maju perang. Mboten namung kangge bangsa Israel kemawon, ananging ugi kangge kita nalika kita dipun aben-ajengaken kaliyan kawontenan gesang ingkang awrat. Tetembungan punika dados kakiyatan lan semangat kangge kita nglajengaken gesang. Mangga kita tansah pitados bilih kita mboten piyambakan ing donya punika, wonten Gusti Yesus ingkang setya nunggil lan nganthi gesang kita. Amin. [YEP].

“Kanthi pitados tanpa raos ajrih lan kuwatos, Gusti badhe paring pitulungan ing mawarni-warni prekawis.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak