Prihatin nanging Tansah Bungah Pancaran Air Hidup 19 Maret 2022

19 March 2022

Waosan: Jabur 63 : 1 – 9 | Pujian: KPJ. 74
Nats:
“… sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula, saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.” (Ayat 7).

Menawi sampun mlebet tanggal nem, ulatipun saben tiyang mesthinipun ketingal sumringah. Nanging nalika sampun ngancik tanggal tuwa, ulatipun saged gantos dados kecut. Ing manah ugi ngraosaken prihatos lan ndedonga mugi-mugi saged cekap ngantos pungkasan wulan. Blanja dipun suda, dhaharipun cekap sederhana kemawon, ingkang penting taksih saged nedha. Mbok menawi kanggenipun para tiyang sepuh, laku prihatin punika sampun dados sega jangan. Sampun biasa dipun lampahi. Nanging kanggenipun para nem-neman mbok menawi benten malih. Sedaya ingkang dipun betahaken kedah dipun cekapi dening tiyang sepuhipun.

Pakulinan laku gesang prihatin punika sejatosipun boten ujug-ujug, nanging kedah dipun latih. Panci ketingalipun awrat, punapa malih kanggenipun tiyang ingkang kulinanipun tansah kacekapan. Kados ing mangsa pandemi sapunika, ing pundi pados sandhang pangan awrat. Mila boten wonten pilihan malih kejawi kedah purun laku gesang ing kaprihatosan. Anak-anak kedah dipun gladhi laku ing kaprihatosan, supados ing tembe dinten mangke nalika sampun dewasa saged kiyat lan tatag ngadhepi prekawis ingkang awrat, piyambakipun boten kaget malih.

Prekawis prihatos punika ugi dipun raosaken dening tiyang pitados, kados dene Prabu Dawud nalika wonten ing ara-ara samun. Ananging ing ngriki, Prabu Dawud saged ngenebaken manahipun lan ngraos-ngraosaken agenging sih rahmatipun Gusti. Senaosa piyambakipun ngalami kasisahan, nanging piyambakipun tansah saos sokur lan mandheng Sang Yehuwah ingkang dados tuking pitulunganipun. Panci ewet saos sokur ing satengahing raos prihatin, nanging kanggenipun tiyang pitados, ing satengahing kaprihatosan, ing ngriku wonten kabingahan karana pitulunganipun Gusti.

Sumangga kita sami sumendhe lan saos sokur. Ketingalipun aneh kanggenipun tiyang sanes, nanging ing ngriki, kangge kita para pitados, pitulunganipun Gusti punika nyata lan saged kita raosaken. Pramila sumangga kita sami atur pamuji dhumateng Gusti lan mboten nggrundhel. Kita tansah pasrah ing Gusti, satemah kita saged surak-surak ing aubing swiwinipun Pangeran Yehuwah kadosdene Sang Juru Mazmur. Amin. [DK].

 “Pitulungane Gusti kuwi nyata.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak