Waosan: Yusak 1 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 118 : 1, 2
Nats: “…, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.” (Ayat 7b)
Kagem masyarakat Jawi, nalika tiyang kagungan pangajeng-ajang ing salebeting gesang, tiyang punika kedhah ngadhahi sipat tatag lan teteg supados tutug. Tegesipun, tiyang bakal nampi pangajeng-ajengipun (tutug) nalika piyambakipun ngupadi pangajeng-ajengipun punika kanthi kendel (tatag) lan kiyat niatipun (teteg). Kendel nalika ngadhepi samukawis prekawis ing sangajengipun, sinaosa punika perangan ingkang awrat. Kiyat niatipun, boten gampil bingung lan kelu kaliyan pilihan-pilihan enggal ingkang ketingal langkung ngremenaken, tetep fokus.
Dhawuh ingkang sami ugi dipun tampi dening Senapati Yusak nalika kautus mimpin bangsa Israel tumuju dhateng tanah prajanjian, nggantosi Nabi Musa ingkang sampun seda. Senapati Yusak kadhawuhan dening Gusti Allah supados ngrebut tanah Kanaan. Tamtunipun tugas punika sanes prekawis ingkang gampil kagem Senapati Yusak, awit piyambakipun taksih dereng mangertosi kados pundi kakiyatanipun bangsa Kanaan, sapinten kathahipun tiyang Kanaan, kados pundi dhedhekipun tiyang Kanaan, lsp. Awit saking punika, Gusti Allah paring dhawuh supados Senapati Yusak ditansah ngati-ati lan setya dhumateng angger-anggeripun Gusti Allah ingkang sampun dipun tampi dening Nabi Musa (Ay. 7a). Senapati Yusak kaengetaken supados tansah fokus (teteg) anggenipun mlampah, boten nyleweng ngiwa utawa nengen (Ay. 7b), lan kendel (tatag) ngadhepi bangsa Kanaan, sinaosa taksih dereng mangertosi kados pundi kakiyatan bangsa Kanaan. Sadaya punika dipun tindakaken Senapati Yusak supados kabegjan ingkang dipun prasetyaaken Gusti Allah, manggen ing tanah Kanaan saged kelampahan (tutug).
Dhawuh pangandikanipun Gusti punika mugi dados pangenget kangge gesang kita sami. Nalika kita saweg nggadhahi pangajeng-ajeng ing salebeting gesang, kita kaajak supados kendel ngadhepi sadaya tantangan ingkang wonten. Boten ajrih, nglokro, punapa malih mundur nalika ngraosaken kasisahan. Kita kedah teteg ing sajroning lampah. Kiyat nampi sadaya wujuding ginodha ingkang saweg nglimputi gesang, awit namung kanthi mekaten, prasetyanipun Gusti Allah tumrap gesang kita bakal kelampahan. Sadaya ingkang kita ajeng-ajeng bakal katampi (tutug), nalika kita tansah cundhuk kaliyan angger-anggeripun Gusti. Aja nyleweng ngiwa utawa nengen. Amin. [7us].
“Bakal tutug pangajeng-ajengipun manungsa ingkang tansah tatag lan teteg nindakaken dhawuhipun Gusti”