Yen Wis Niat, Mesthi Bisa Kelakon! Renungan Harian 19 Juni 2019

19 June 2019

Waosan : Daniel 1 : 1 – 21 | Pamuji : KPJ 452 : 1, 4
Nats : “Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangoake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging Karajan.” [ayat 20]

Wonten sekawan nem-neman saking Yehuda, Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya ingkang kapiji dipuncawisaken dados abdinipun istana Babil. Nami nami kalawau kapendhet saking nami Ibrani, ingkang artosipun celak lan gegayutan kaliyan Gusti Allah. Dhaniel artosipun Gusti Allah hakim kula. Hananya artosipun Gusti Allah sampun sumanak tuwin grapyak. Misael artosipun Panjenenganipun Gusti Allah. Azarya artosipun Gusti Allah sampun mitulungi. Ananging saksampunipun sekawan nem neman kalawau katangkep lan kadidik dados abdi istana Babil, Aspenas minangka kepala punggawa lajeng gantos namipun sekawan nem neman kalawau. Daniel dados Beltsazar, Hananya dados Sadrakh, Misael dados Mesakh lan Azarya dados Abednego.

Ing ayat 8 nerangaken : Anadene Dhaniel mutus ora bakal najisake awak kalawan dhaharane Sang Prabu sarta anggur kang adate diunjuk dening Sang Prabu, mulane nyuwun marang kepalaning punggawa kraton mau, supaya ora usah najisake awake. Lajeng ing ayat 12, Dhaniel nyuwun tedha jejanganan saha ngombe toya kemawon. Paseksi ing nginggil kalawau saestu nedahaken bilih, Dhaniel lan rencangipun saestu ngugemi karsanipun Gusti, inggih punika nglampahi gesang ingkang suci. Nglampahi gesang suci minangka umat ingkang kapiji dening Gusti Allah. Boten gampil kagoda lan kelu ing tumindak ingkang boten condong kaliyan karsanipun Gusti Allah. Dhaniel nglampahi gesangipun tansah ngendelaken Gusti Allah. Tantangan lan panggoda boten saged nebihaken saking Gusti Allah. Karana iman ingkang tegen kalawau, Dhaniel dipun berkahi dening Gusti. Para pimpinan saestu nresnani ugi sanget ngajeni dateng Dhaniel.

Anggen kita gesang ing era modern punika kathah mawarni-warni tantangan ingkang saged nebihaken kita kaliyan Gusti. Ananging sumangga nulada lampah gesangipun Dhaniel. Ingkang tansah njagi gesangipun ing lelampahan ingkang suci. Namung nengenaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Bilih kita niat nglampahi mesthi badhe saged kasembadan. [Life]

“Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak