Waosan: Wulang Bebasan 11 : 23 – 31 ǀ Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.” (Ayat 25).
Kita asring mirengaken tembung loman. Kosokwangsulipun loman punika medhit utawi cethil. Loman lan cethil punika saged kasebataken dados gayanipun gesang manungsa ing alam donya, karana manungsa nggadhahi pemanggih ingkang benten bab artosipun berkah. Ciri-cirinipun tiyang loman punika mekaten: “Yen ta aku andum berkah, aku ora bakal kakurangan.” Tembung punika limrah sanget dening tiyang ingkang nggadhahi pemanggih “berkah” ingkang leres lan wujud iman kapitadosanipun dhumateng Gusti. Piyambakipun nyumerepi bilih berkah punika pinangkanipun saking Gusti, sanes saking kakiyatanipun piyambak. Awit saking punika kita kautus sageda andum berkah kangge sadherek-sadherek kita. Ananging benten kaliyan tiyang ingkang cethil: “Bandhane digegem mawon, ajrih yen sing dak duweni kirang”. Conto punika mesthi tebih sanget saking gayanipun gesang tiyang loman.
Wulang Bebasan punika salah satunggiling kitab ingkang paring piwulang bab kawicaksanan kangge manungsa. Wujudipun piwulang kawicaksanan punika praktis lan saged dipun lampahi ing gesang padintenan. Contonipun nindakaken kajujuran, kabenaran, kaadilan ing satengahing gesang, tiyang sepuh gulawenthah anakipun adedasar katresnan, lan sanes-sanesipun. Piwulang kawicaksanan punika ndadosaken kita celak lan rumaket kaliyan Gusti. Mekaten ugi kita saged netepi dhawuhipun Gusti. Karana tiyang ingkang wicaksana nggadhahi pemanggih: berkah ingkang dipun tampi saking Gusti punika, boten namung kangge dhiri pribadi utawi dipun timbun, ananging kangge sarana andum berkah dhateng tiyang sanes.
Ing wulan kulawarga punika, mliginipun wonten ing pekan wanita, wanita/ibu ing satengahing brayat punika sejatosipun dados sumbering berkah, berkah arupi kajujuran, kaadilan, kabeneran kangge sadaya anggota brayat. Mugi sadaya wanita saged nuladha kabecikan Sang Kristus lan saged atur piwulang ingkang sae kangge para anak lan sedulur. Saiba endahnya bilih umat mliginipun para wanita punika saged loman ing brayat, ugi ing patunggilan. Loman boten ateges namung loman arta utawi bandha kemawon, ananging ugi loman ilmu, kreatifitas lan sanes-sanesipun. Amin. [dea].
“Rahayua tiyang kang loman, mesthi ora bakal kakirangan”