Waosan : Matius 13 : 24 – 30; 36 – 43 | Pamuji : KPJ. 62
Nats: “Nanging wangsulane: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutake gandume. Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Kumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawisi iku gandume klumpukna ing lumbungku.” (ayat 29-30)
Satunggal ibu paring pitedah dhateng putranipun ingkang badhe nglajengaken sekolahipun dhateng kitha sanes, “Le, sing ngati-ngati olehmu urip, oleh kekancan. Dijaga lakumu ben kowe ora nganti keli ing laku urip kang ora pener”. Mawi pitedah punika, kita dipun engetaken bilih ing salebeting gesang kedahipun kita tansah ngatos-ngatos awit ing donya punika isinipun mboten namung kasaenan nanging ugi peteng utawi “kejahatan”.
Prekawis punika ugi dipun tedahaken Gusti Yesus wekdal Panjenenganipun paring piwucal lumantar pasemon bab alang-alang lan gandum. Ing Galilea. Kalih taneman punika panci ewet dipun bentenaken wekdal taksih alit. Kekalihan saged tuwuh sesarengan lan tamtu alang-alang badhe dados pambengan kangge tuwuhing gandum.
Punapa ingkang saged kita sinaoni saking waosan dinten punika:
- Ing lampah gesang punika kita saged pinanggih kaliyan maneka warni model, sifat lan karakter manungsa. Wonten ingkang leres, sae nanging kita saged ugi pinanggih ingkang mboten sae. Gusti ngersakaken kita sageda jejeg ing lampah gesang. Mboten “kintir”. Lan mbididaya kasetyan dhumateng dhawuh lan prasetyanipun Gusti.
- Langkung “gondhelan” dhumateng Gusti. Manungsa ringkih karana manungsa asring nggadhahi pepenging ingkang mboten saged dipun kendalekaken. Namung karana kekiyatanipun Gusti manungsa saged nglangkungi kathah godhaning gesang.
- Ing wancine “Kairos”, ing wekdal ingkang sampun katemtokaken mesthi ketawis pundi ingkang alang-alang lan pundi gandum. Lan ing wancinipun sedaya badhe nampi “bagianipun” piyambak – piyambak.
Dawuhipun Gusti punika minangka pangajeng-ajeng kangge tiyang pitados supados tansah njagi gesang, njagi kapidosan, supados ing wancinipun Putranipun Manungsa rawuh kita kakempalaken minangka gandum ingkang pantes kakempalaken ing lumbungipun. Amin. (DH)
“Tansaha tegen lan tansaha gondhelan dhumateng Gusti”