Manut Murih Wilujeng Pancaran Air Hidup 19 Januari 2026

19 January 2026

Waosan: Pangentasan 12 : 1 – 13, 21 – 28  |  Pamuji: KPJ. 21
Nats: “Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.” (Ayat 28)

Kathah ing pinggir margi tartamtu, kita saged manggihi benner ingkang seratipun makaten: “Dilarang Membuang Sampah di Sini. Denda 50 Juta Rupiah.” Nanging sanadyan sampun wonten anceman paukuman, taksih kathah tiyang ingkang mbucal sampah sacara sembarangan, kados ing lepen, lahan kosong, pinggir margi, lsp. Punika nedahaken bilih kesadaran masyarakat tumrap lingkungan ingkang resik taksih andhap. Sistem pemerintah ugi mboten teges, sanadyan sampun wonten undang-undangipun, nanging panindakanipun mboten ajeg. Taksih wonten tiyang ingkang nerak undang-undang lan ngrisak lingkungan.

Prastawa punika dados cerminan tumrap waosan kita ing Pangentasan 12. Nalika Gusti Allah dhawuh dhateng bangsa Israel supados mbeleh wedhus jaler tanpa cacad lan ngausari getihipun ing dhempelipun kori, punika mboten dhawuh kopong. Punika prentah tumrap kawilujengipun bangsa Israel. Malaekatipun Gusti badhe ngliwati griya-griya ingkang wonten getih punika. Bangsa Israel nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti punika kanthi tumemen. Tumindak punika lajeng dipun warisaken saking brayat baka brayat, generasi baka generasi minangka pangenget manut dhawuh-Ipun Gusti punika pikantuk kawilujengan.

Saking ilustrasi lan waosan kita punika, kita saged mangertos bilih undang-undang punika mboten kenging dipun remehaken. Masyarakat ingkang nganggep remeh undang-undang bab sampah saged ndadosaken lingkungan risak. Semanten ugi, umat ingkang nganggep remeh angger-anggeripun Gusti saged pisah saking pangayoman-Ipun Gusti. Ing jaman sapunika, kita umating Gusti dipun undang gesang kanthi tanggel jawab ing kapitadosan lan lingkungan kita. Angger-anggering Gusti mboten namung kagem bangsa Israel ing jaman kepengker kemawon, nanging ugi gegayutan kaliyan gesang kita. Manut punika mboten namung nindakaken undang-undang pamrentahan kemawon, nanging ugi tresna lan pitados dhumateng Gusti Allah. Mangga kita dados umat ingkang nindakaken angger-angger-Ipun Gusti kanthi gemati, tansah nglestantunaken lingkungan, lan ngudi kautuhaning titah. Amin. [YOPI].

“Angger-Anggering Sang Yehuwah Nuntun Dhateng Kawilujengan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak