Waosan: Yokanan 2 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 176
Nats: “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur ingkang sae ngantos sapunika.” (Ayat 10)
Wiwit tangi ing wanci enjing, kita saged mireng pitik jago sami kluruk, pangocehing peksi sesahutan, pindha surya mlethek kalawan kamulyanipun, lan tetesing ebun ingkang kanthi sekedhik-sekedhik dhawah nilaraken gegodhongan. Prekawis punika sejatosipun prekawis ingkang saestu sae minangka mukjijatipun Gusti ingkang saged kita panggihi saben dinten ing wanci enjing. Ananging karana prekawis punika kalampahan saben dinten, kita lajeng nggadhahi pemanggih bilih prekawis punika prekawis ingkang limrah kemawon. Kadosdene tiyang ingkang mastani satunggal prekawis punika kagolong prekawis ingkang limrah utawi mboten limrah punika gumantung saking kaping pinten prekawis kalawau kalampahan ing ngajeng kita. Lajeng kados pundi tumrap prekawis-prekawis kados: kita taksih saged ambegan, kita taksih saged mlampah, kita taksih ningali esemipun tiyang-tiyang ingkang kita tresnani, kita taksih saged ngraosaken ecanipun nedha bakso lan rawon, punapa punika prekawis ingkang limrah utawi mboten limrah?
Limrah utawi mboten limrah punika kasunyatanipun mboten anamung gumantung saking kaping pinten prekawis punika kalampahan ing ngajeng kita, ananging gumantung saking pemanggihing raos kita nalika dipun abenajengaken kaliyan sadaya prekawis ingkang kalampahan punika. Bilih kita dados tiyang ingkang gampil saos sokur, kita ugi gampil ngraosaken bilih prekawis-prekawis ingkang kados-kados limrah punika dados prekawis ingkang mboten limrah lan kita ngaturaken pangocap sokur dhumateng Gusti.
Mukjijat ingkang dipun tindhakaken dening Gusti Yesus ing satengah-tengahing manten ing desa Kana dados prekawis ingkang mboten limrah kanggenipun tiyang-tiyang ingkang sami rawuh, tamtunipun inggih kangge brayatipun manten. Mboten limrahipun kangge para tamu, “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin, lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae.” Lan penmanggih punika namung nglairaken raos nggumun kemawon. Ananging kanggenipun ingkang kagungan damel manten, prastawa mboten limrah inggih punika nalika Gusti Yesus kersa nindhakaken mukjijat kangge piyambakipun, lan tamtunipun kajawi ngraosaken nggumun, prastawa punika inggih nuwuhaken raos sokur. Amin. [YEP].
“Limrah utawi mboten limrah, gumantung saking punapa kita purun saos sokur punapa mboten.”