Waosan: Yeremia 20 : 7 – 13 | Pamuji: KPJ. 51 : 1, 2
Nats: “Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados prawira ingkang prakosa, …” (Ayat 11a)
Kawontenan gesang ingkang kebak masalah, asring ndadosaken tiyang punika gampang sambat, sambat dhateng semahipun, sambat dhateng rencangipun malah ugi sambat dhateng Gusti. Contonipun: Sambat bab regi-regi sembako ingkang mindak, sambat bab pados pandamelan ingkang ewet, sambat dhumateng Gusti awit gesang dados tiyang Kristen ingkang rekaos, lsp. Ing wulan tumitahing jagad punika bilih kita raosaken, asring kita sambat nalika ningali karisakan lingkungan ing sakiwa tengen kita. Mekaten ugi nalika wonten bencana alam kados banjir, tanah longsor, gempa, kathah tiyang ingkang sambat awit kawontenan ingkang dipun alami punika. Para tiyang punika sambat awit kecalan bandha, kecalan kewan ingon-ingonipun ugi kecalan anggota brayatipun.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken pasambatipun Yeremia dhumateng Gusti Allah. Nalika semanten Yeremia medharaken sabda-Nipun Gusti Allah bab paukumanipun Gusti Allah tumrap imam Pasyhur lan bangsa Yehuda. Imam Pasyhur ingkang mireng bab paukumananipun Allah punika, lajeng duka sanget dhateng Yeremia. Yeremia dipun gebugi lan dipun rante ing Gapura Benyamin, ing inggilipun Padaleman Suci (Ay. 1-2). Saking tumindakipun punika Yeremia dipun sengiti dening tiyang sabangsanipun. Prekawis punika ingkang ndadosaken Yeremia sambat dhumateng Gusti Allah. Sanadyan sambat dhumateng Gusti Allah, Yeremia mboten kecalan iman lan pangajeng-ajengipun dhumateng Gusti Allah. Piyambakipun tansah pitados bilih Gusti Allah nunggil saha paring kakiyatan dhateng piyambakipun, sanajan nandhang kasangsaran. Pangakenipun Yeremia: “Gusti Allah punika Sang Prawira ingkang prakosa.”
Pasambat punika prekawis ingkang limrah awit kahananipun manungsa punika pancen ringkih lan kebak kakirangan. Nanging lumantar nabi Yeremia, kita dipun engetaken supados ing satengahing pasambat kita, kita mboten kecalan iman lan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah punika pirsa lan mireng pasambat kita. Panjengenganipun tamtu badhe nulungi lan ngiyataken kita supados kita kiyat ngadepi sedaya masalah ing gesang punika. Mekaten ugi ing wulan tumitahing jagad punika, mangga kita mboten namung sambat kemawon bab alam lingkungan ing sakiwa tengen kita ingkang risak, nanging mangga sesarengan kita saged ngupaya kangge pulih lan lestarinipun alam lingkungan kita punika. Amin. [AR].
“Aja mung sambat bae, ayo tumindak mulihna lingkungan kita!”