Waosan: Lukas 5 : 33 – 39 | Pamuji: KPJ. 288
Nats: “Lan ora ana wong kang wis ngombe anggur lawas banjur kepingin ngombe anggur anyar, sabab banjur bakal ngucap: Anggur kang lawas iku enak banget.” (Ayat 39).
Wonten salah setunggaling produsen kosmetik ingkang ngawontenaken promosi produk pemutih kulit. Tamtu kemawon produk pemutih kulit punika enggal dipun remeni kaliyan para remaja estri lan para ibu ingkang kepingin kulitipun putih. Pintena kemawon reginipun produk punika, menawi produk punika cocok, lan wonten asil ingkang nyata, mesthi badhe dipun tumbas. Kulit putih lan resik punika namung trend kecantikan ingkang saged ewah ing taun-taun selajengipun. Benten kaliyan trend kecantikan ing tahun 1990-an, ing pundi produk kosmetik ingkang ndadosaken kulit kuning langsat punika ingkang dipun padosi. Ewah-ewahan ingkang kados mekaten punika, pancen gandheng kaliyan ewah-ewahan jaman.
Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken ewah-ewahan ing jamanipun Gusti Yesus ingkang wonten gandhengipun kaliyan tradisi agama, inggih punika bab siam utawi pasa. Tiyang-tiyang Farisi ingkang ngugemi laku pasa ingkang ketat, rupinipun nylathu Gusti Yesus karana para sekabatipun Gusti Yesus ingkang dipun pandeng nerak tradisi agama. Kanggenipun tiyang-tiyang Farisi punika, dereng jangkep menawi para sakabatipun Gusti Yesus punika boten tumindak pasa. Saking ngriku, Gusti Yesus lajeng mbela sekabatipun kanthi pasemon bab kain lan pasamon anggur lami lan enggal. Tradisi pasa ingkang dipun tindakaken kaliyan tiyang Farisi punika kagolong tradisi lami bangsa Yahudi. Ing ngriki boten ateges pasa punika boten migunani ing babagan olah batin, ananging punapa ingkang dipun aturaken kaliyan tiyang Farisi punika wujudipun sikap kolot ingkang ndadosaken piyambakipun boten nggadhahi pemanggih ingkang enggal ingkang dipun asta dening Gusti Yesus. Kados pundi kemawon, piwucalipun Gusti Yesus boten badhe dipun tampi kanthi sae, karana tiyang Farisi punika langkung ngugemi tradisi ingkang sipatipun ritual tanpa isi. Ingkang nganggep dhiri pribadi suci senaosa taksih tebih saking pepakenipun Gusti.
Mangga kita minangka panderekipun Gusti Yesus tansah nindakaken pangabekti kita dhumateng Gusti kanthi pemanggih ingkang leres. Sampun ngantos kita ngabekti namung karana rutinitas kemawon, nanging mangga kita landesi kanthi manah ingkang padhang, manah ingkang tansah mbangun turut wonten ing ngarsanipun Gusti. Amin. [DK].
“Anggur lawas iku enak banget.”