Ngisin-isini! Renungan Harian 19 Januari 2021

Waosan : Lelakone Para Rasul 5 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 350 : 1, 2
Nats: ”Kanthi sarujuke bojone dheweke ngunthet saperangane pepayone iku, …(Ay. 2a)

Korupsi utawi basa prasajanipun ngenthit, ing Kitab Suci kaserat ngenthit sampun dados prakawis ingkang limrah katindakaken. Sok sintena lan ing pundia, wonten kemawon kesempatan kangge ngenthit. Kawastanan ngenthit, awit ingkang dipun enthit punika estunipun inggih saprakawis ingkang kaginakaken kangge kabetahan gesang sesarengan, sanes kangge pribadi. Pramila, wonten ing salah satunggaling nagara manca, tumindak korupsi punika pati ukumanipun. Awit inggih boten wonten tentrem rahayunipun kangge tiyang ingkang korupsi lan remen ngenthit punika.

Ananias lan Safira anggenipun pegat nyawa inggih awit piyambakipun sami ngrebut katentreman lan karahayon ingkang kedahipun dipun rasoaken ing satengahing gesang sesarengan minangka satunggal pasamuwan. Rikala semanten, pasamuwan ing wiwitan pancen inggih kalawan tunggil raos sanget anggenipun nindakaken gesang patunggilan. Sok sintena ingkang gadhahi barang darbe, kedah kasaosaken dhumateng Gusti lumantar para Rasul, satemah barang darbe ingkang kakempalaken punika lajeng saged kaginakaken kangge sangga-sinangga lan sangkul-sinangkul menggah sakathahing kabetahan pribadi mbaka pribadi. Dados, jiwa patunggilanipun saestu kawangun kanthi sae. Sing sugih melu nyangga sing sekeng. Kasisahan tiyang setunggal dipun raosaken sesarengan, mekaten ugi kabingahan. Kanthi tata gesang ingkang mekaten, tentrem rahayu saking Gusti Allah saged sumrambah dhateng pribadi mbaka pribadi, boten wonten ingkang katriwal. Nanging Ananias lan Safira dados watu sandhungan bab sumrambahing tentrem rahayu punika. Pramila, kekalihipun nampi ganjaran ingkang pantes.

Ing jaman samangke, mbok bilih ngenthit boten sacara langsung megat lan mejahi nyawa kados Ananias lan Safira. Ananging, tumindak punika sampun tamtu mejahi karakter iman Kristen ingkang nyuraosaken timbalan mbabaraken tentrem rahayu sumrambah dhateng sok sintena tiyang. Kita tamtu boten kepingin dados watu sandhungan kangge sumrambahing tentrem rahayu punika. Ganjaranipun pati, inggih patining pepadhang ingkang kedah tansah murub. Krana urub ingkang mati punika, kita boten dipun pitados malih dening tiyang sanes, langkung-langkung dening Gusti anggen nindakaken ayahan adi. Pramila, ing pundia kita ngupaya rejeki peparingipun Gusti, sumangga kita tindakaken kanthi jujur lan tanggel jawab, ora prelu ngenthit, ngisin-isini! (aan)

 ”Sing sapa ngunthet, rejekine cupet”

 

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •