Waosan : Lukas 11 : 14 – 23 | Pujian : KPJ 345 : 1 – 2
Nats: “Nanging manawa AKu nundhung dhemit nganggo panguwasaning Allah, dadine Kratoning Allah wes nekani kowe” [ayat 20]
Salah satunggaling murid ingkang sampun dados pejabat paring undangan dhahar sesarengan kagem guru spiritualipun. Kados limrahipun, sang guru ngagem rasukan biasa kemawon. Pelados restoran paring paladosan ingkang sae tumrap pejabat punika, nanging mboten sae tumrap guru spiritual kalawau. Wusananipun pejabat punika paring teguran tumrap pelayan restoran, supados ugi paring paladosan
ingkang sae tumrap gurunipun. Pelayan restoran nyuwun pangapunten. Sasampunipun dhahar lan ngobrol, pejabat lan gurunipun badhe kondur. Nanging boten kanyana-nyana, sang guru paring tips (uang lelah) tumrap pelayan ingkang swaunipun mboten sae anggenipun lelados. Aturipun pejabat: “Guru, mboten usah diparingi. Kalawau pelados menika mboten sae lakunipun dhumateng guru”. Wangsulan sang guru: “Dheweke pancen wis tumindak kurang apik marang aku. Nanging apa lakuku ditentokke lakune ? Aku iki bebas nindakke sing apik”. Sang murid nggumun ing salebeting manahipun.
Kasaenan dipunketingalaken dening Gusti saking waosan dinten punika. Sanajan dipun arani ngusir setan lumantar kuwaosipun Beelzebul, Gusti Yesus mboten duka lan gething tumrap tiyang ingkang mastani kados makaten. Sejatosipun tiyang-tiyang punika mboten remen dhumateng piwucalipun Gusti mila sami boten nampi Gusti Yesus. Nanging Gusti tetep nresnani lan kersa wicantenan kaliyan tiyang-tiyang punika. Saestu kasaenan ingkang murni lan tulus saking Gusti Yesus.
Nalika kita nindakaken kasaenan lan kayekten badhe wonten tiyang ingkang mboten remen dhateng kita. Si jahat mboten remen nalika kita ndedonga kangge tiyang ingkang nggethingi kita. Roh pepeteng mboten remen nalika kita nindakaken perkawis-perkawis ingkang ngremenaken manahipun Gusti, ingkang mulyaaken Asmanipun.
Nanging, tetepa nindakaken katresnan lan kasaenan. Boten karana pados simpati, nanging karana kratoning Allah saged dipunraosaken dening tiyang kathah. Pambengan tansah wonten ing gesang kita nalika nindakaken katresnan lan kasaenan, nanging katresnanipun Gusti milujengaken gesang kita. Katresnanipun dados dhasar tumrap gesang kita, dados tiyang sae “apik kang asli, asli apik!” Gusti nganthi umatipun ingkang setya tuhu nindakaken dhawuhipun. Amin.[YEW]
“Wong kang nindakake kabecikan lan kasaenan, ora bakal kapethatan Katresnan-Ipun”