Waosan: Yunus 3 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 61
Nats: ”Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.” (Ayat 6)
Nalika kita mratobat, ngakeni dosa kita, pangaken kita punika kedah tuwuh saking salebeting manah kita. Pangaken dosa kita punika ndadosaken kita kaparingan sih rahmat saking Gusti. Sih rahmat punika peperangan endah saking Gusti ingkang maringi kesempatan kangge manungsa dosa murih saged ngraosaken kawilujengan. Laku mratobat punika minangka pengaken jujur kita dhumateng Gusti bilih kita punika manungsa ingkang asring dawah ing salebeting dosa lan tebih saking karsanipun Gusti. Namung awit saking sih-rahmatipun Gusti kemawon, kita saged uwal saking jurang palimenganing dosa ingkang ganjari pati.
Waosan kita ing dinten punika mratelakaken cariyos Yunus ingkang martosaken pawartos pamratobat kangge bangsa Niniwe. Kacarita, Gusti Allah badhe ngukum bangsa Niniwe bilih mboten purun mratobat, ngakeni dosa lan kalepatan dhumateng Gusti. Saking ngriki, Yunus medharaken sabdanipun Gusti, miwit sato kewan, tiyang diwasa, lare alit ngantos ratuning Niniwe kedah mratobat. Saking timbalan mratobat punika, bangsa Niniwe mboten ngeyel. Sinaosa bangsa Niniwe punika sanes kagolong umat ingkang kapiji dening Gusti, nanging bangsa Niniwe punika purun mratobat, ngakeni dosa-dosanipun saha nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah. Tamtu karana laku pamratobat punika, Gusti Allah karsa ngaputen bangsa Niniwe punika. Sinten ingkang nyana bilih bangsa manca kados Niniwe saged nindakaken pamratobat. Saking ngriki kita mangertos bilih sih pangapuntening Gusti Allah kabikak kagem sadaya umat manungsa ingkang mratobat.
Wonten ing mangsa pra paskah punika, kita dipun undang kangge mbikak manah kita lan mratobat kanthi saestu dhumateng Gusti. Kita puruna ndedonga, siam, mratobat, nyuwun pangapunten kanthi tumemen dhumateng Gusti. Kita enget bilih kawilujengan punika mboten karengkuh lumantar tumindak becik kita, nanging awit saking pangaken jujur kita dhumateng Gusti, bilih kita punika tiyang dosa ingkang mbetahaken pangapuntening dosa. Menawi bangsa Niniwe kemawon kaparingan sih-rahmat saking Gusti awit pangaken dosanipun, punapa malih kita minangka umat-Ipun Gusti. Mangga kita saestu mratobat kanthi manah ingkang tulus, saestu Gusti karsa ngapunten dosa kita. Amin. [YOPI].
“Manah ingkang jujur lan andhap asor, sumadya kangge nampeni sih pangapunten saking Gusti Yesus Kristus.”