Rumongso Pancaran Air Hidup 19 Februari 2024

19 February 2024

Waosan: Ayub 4 : 1 – 21 | Pamuji: KPJ. 55 : 1, 3
Nats: “Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah, apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?” (Ayat 17)

Ing jaman ingkang sansaya modern lan maju punika, kita saged manggihaken berita lan pawartos punapa kemawon sacara cepet. Lumantar internet lan media sosial, kita saged mangertos mawarni-warni berita lan pawartos punika. Ingkang dados pitakenan, “Punapa sedaya berita lan pawartos ingkang wonten internet lan media sosial punika leres?”. Mbok menawi kita kedah ngati-ati lan kedah saged nyaring berita lan pawartos punika, awit mboten sedaya berita lan pawartos punika mbangun iman kita. Berita lan pawartos ingkang positif saged migunani kangge kita, nanging berita lan pawartos ingkang negatif saged ndadosaken kita kenging pengaruh negatifipun. Pungkasanipun kita rumaos bener piyambak lan tiyang sanes lepat miturut pemanggih kita. Pramila kita kedah wicaksana anggenipun nampi berita lan pawartos saking internet lan media sosial, sampun gampang kenging pengaruhipun.

Waosan kita saking Ayub 4:1-21 punika nyariosaken Elifas ingkang nuturi Ayub ingkang nandhang sangsara. Wonten pemanggihipun Elifas: tiyang ingkang saleh punika pikantuk kawilujengan lan berkah, kosokwangsulipun tiyang ingkang duraka lan kebak dosa punika nampi paukuman lan kasangsaran. Pramila nalika Elifas ningali kawontenanipun Ayub ingkang sangsara, piyambakipun rumaos Ayub sampun tumindak dosa lan duraka ing ngarsanipun Gusti. Ing nats kita, Elifas matur, “Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah, apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?” Miturut Elifas, Ayub kedah mratobat lan nelangsani dosa-dosanipun ing ngarsaning Gusti Allah. Kados pundi raosing manahipun Ayub dipun dakwa minangka tiyang dosa lan duraka kaliyan rencangipun piyambak? Tamtu sakit sanget.

Salebeting gesang ing pasamuwan, asring kita ugi manggihi prekawis ingkang sami kados ingkang dipun alami dening Ayub. Wonten sawetawis tiyang ingkang rumaos bener lan pinter piyambak, lajeng ndakwa tiyang sanes, ingkang miturut piyambakipun tiyang punika lepat, kados Elifas ingkang ndakwa Ayub tumindak dosa lan duraka. Ing mangsa Pra Paskah punika mugi kita katebihaken saking tumindak rumaos bener lan pinter piyambak. Mugi kita katebihna saking tumindak ndakwa sesami. Sumangga kita niti priksa dhiri lan gesang kita piyambak saderengipun ndakwa sesami kita. Amin. [AR].

“Gusti Allah pirsa manah kita, pundi ingkang bener lan mboten.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak