Waosan: Jabur 37 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 427
Nats: “Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika.” (Ayat 1a).
Pak Gareng kawastanan tiyang sugih ing kampungipun. Piyambakipun saged sugih punika karana saking meres tiyang sanes, tiyang punika dipun ampili arta kanthi “bunga” ingkang inggil. Tegesipun, pak Gareng punika kalebet rentenir. Senaosa mekaten, piyambakipun boten rumaos bilih tumindakipun punika lepat. Punapa ingkang dipun tindakaken punika dipun anggep bener. Pramila boten mokal bilih piyambakipun saged dados tiyang sugih. Karana gadhahi bandha donya ingkang kathah, mila pak Gareng remen dhahar tetedhan ingkang eca. Wusananipun piyambakipun kenging diabetes. Badanipun ingkang ageng inggil sapunika dados kera awit asring sakit-sakiten. Karana sakitipun punika dokter wanti-wanti, supados pak Gareng tarak anggenipun nedha. Tetedhan ingkang eca kalawau boten pareng dipun tedha, sedaya kedah dipun taker lan winates. Ing manahipun pak Gareng rumaos meri ningali tiyang sanes ingkang saged nedha kanthi sekeca senaosa tetedhanipun prasaja.
Gesang punika sawang sinawang. Kadang kita asring meri ningali tiyang ingkang ketingalipun sukses senaosa anggenipun nggayuh kasuksesanipun punika kanthi cara ingkang awon lan jahat. Lajeng wonten pemanggih: “Yen ngono kepenak dadi wong jahat wae, isa cepet sugih, isa ngrasakke urip penak.” Pemanggih ingkang kados mekaten kalawau, asring dadosaken tiyang mendhet jalan pintas anggenipun kepingin sugih. Wonten ingkang kados pak Gareng, wonten ingkang nindakaken pesugihan, korupsi, lsp.
Sejatosipun gesangipun manungsa ing alam donya punika boten langgeng, wonten wancinipun piyambakipun dhawah. Wonten wancinipun, bandha donya punika boten saged mitulungi lan dipun raosaken tedhak turunipun. Kanggene tiyang ingkang boten saged saos sokur lan nggayuh kasugihan kalawan tumindak awon ing tembe dinten badhe ngraosaken kasisahan. Wonten raos ajrih lan kecalan katentreman, “mugi-mugi anggenipun tumindak culika boten konangan tiyang sanes.” Wonten ugi tiyang ingkang cecongkrahan, pikiranipun peteng senaosa ketingalipun bingah ing sak jawinipun, punika ingkang dipun wastani “kabingahan semu”. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang sederhana, ingkang tansah saos sokur tumrap sedaya berkahipun Gusti, piyambakipun saged ngraosaken ayem tentrem ing manah. Karana kabegjan ingkang sejati inggih namung wonten ing Gusti Yesus, ingkang ngayomi lan mberkahi tiyang ingkang kebak ing raos sokur. Amin. [DK].
“Kabegjan sejati namung wonten ing Gusti.”