Leladi Kanthi Tulusing Manah Renungan Harian 19 Februari 2019

19 February 2019

Waosan : 2 Korinta 1 : 12 – 19 | Pamuji : KPJ 428
Nats : “Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah” [ayat 12]

 

Ing tahun kepungkur sedaya pasamuwan ing GKJW ngalami proses dauran pinisepuh lan diaken. Tamtu maneka warni kahanan ingkang kedah dipunlampahi dening pasamuwan- pasamuwan punika. Wonten ingkang gampil manggihaken pinisepuh lan diaken ingkang sumadya leladi, ananging wonten ugi ingkang awrat manggihaken pinisepuh lan diaken. Nanging sadaya proses punika sampun kalampahan kanthi sih setyanipun Gusti. Atur panuwun ingkang ageng kagem sedaya pinisepuh lan diaken ingkang sampun sagah, sumadya leladi kanthi tulus lan sukarena ing satengah-tengahing pasamuwan. Sanadjan pirsa bilih peladosan punika mboten gampil, kathah bab ingkang kedah dipunkorbanaken : kedah mbagi wekdal antawis peladosan lan brayat, antawis peladosan lan pendamelan, mekaten ugi tenaga lan pikiran. Ananging tamtu sedaya ingkang sampun dipunkorbanaken punika mboten badhe muspra, karana Gusti tansah nganthi.

Mekaten ugi ingkang dipunraosaken dening rasul Paulus wonten ing peladosanipun. Rasul Paulus sampun leladi kanthi tulusing manah, nanging ugi nggadhahi momotan ing satengah-tengahing peladosanipun punika. Paulus manggihi pasulayan wonten ing satengah-tengahing pasamuwan Korinta. Wonten ugi ingkang mboten pitados bab kerasulanipun. Tamtu kahanan ingkang mekaten ndadosaken Paulus ngraosaken momotan ingkang mboten gampil wonten ing peladosanipun. Sanadyan wonten momotan ingkang mboten gampil wonten ing peladosanipun, ananging Paulus ngraosaken sih kasetyanipun Gusti, ngraosaken sih rahmatipun Gusti ingkang maringi kakiyatan wonten ing peladosanipun. Kawicaksanan lan daya kekiyatan inngkang dipunraosaken, sanes saking akal budinipun piyambak.

Mekaten ugi kita sedaya ingkang dados pandherekipun Gusti. Kita sampun kapiji dados peladosipun Gusti. Tamtu wonten pambengan lan momotan ingkang kedah dipunalami. Nanging sampun ngantos nglokro karana Gusti tansah nganthi lan paring kawicaksanan saha daya kakiyatan ing satengahing peladosan kita. [cha]

“Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku (Fil 4:13).”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak