Binirat Sampurna Pancaran Air Hidup 19 Desember 2024

19 December 2024

Waosan: Ibrani 10 : 10 – 18  |  Pamuji: KPJ. 151
Nats: “Sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.” (Ayat 17)

Dipun apunten saking kalepatan punika nglegakaken manah, punapa malih menawi kalepatan punika mboten dipun enget-enget malih. Awit menawi mboten dipun apunten saking kalepatan sejatosipun manah dados sedhih, karana kalepatan punika dados momotan ing manah. Ing sisih sanesipun, ngapunten kalepatan ngantos kaping sawatawis saged murugaken tiyang ingkang lepat punika badhe gumampang nindakaken kalepatan, lan malah saya ageng kalepatan ingkang dipun tindakaken. Pangapunten ingkang asring dipun paringaken dipun remehaken.

Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus Kristus sampun ngapunten lan mbirat sadaya dosa lan panerak utawi kalepatan kita. Anggenipun mbirat sakathahing dosa lan panerak kita katindakaken srana ngurbanaken Sarira lan Rahipun ingkang suci, malah ngantos nglilakaken oncating nyawa-Nipun. Pramila dosa lan panerak kita sampun binirat kanthi sampurna lan mboten dipun enget-enget malih. Sadaya dosa lan panerak kita ingkang dipun birat punika sampun sirna musna, mboten wonten tilasipun babar pisan. Langkung saking punika, kita ingkang taksih asring nindakaken kalepatan, sampun makaping-kaping dipun apunten dening Gusti. Supados kita mboten ngremehaken sih pangapuntenipun lan gumampang nindakaken kalepatan. Panjenenganipun nyerat angger-anggeripun wonten manah kita, mboten namung wonten ing Kitab Sucinipun.

Kita ingkang sampun kanthi sampurna dipun resiki saking dosa lan kalepatan, punapa purun kanthi lila legawa ngapunten tiyang sanes ingkang lepat dhateng kita? Menawi sampun purun ngapunten, punapa kita purun mboten ngenget-enget kalepatanipun malih? Gusti Yesus ingkang mboten nate tumindak dosa kemawon karsa tumindak makaten. Salajengipun, punapa angger-anggeripun Gusti sampun tumancep wonten ing manah kita? Punapa namung kapireng ing talingan kita? Sumangga kita bikak manah kita dhumateng Gusti supados sineratan angger-angger-Ipun ing manah kita! Amin. [st].

“Padha-padha wong dosane, kita kudu gelem ngapura lan ora dhendham.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak