Tansah Jumaga! Renungan Harian 19 Desember 2020

19 December 2020

Waosan : Para Hakim 13 : 2 – 25 | Pamuji : KPJ. 231
Nats: “… awit bocah iku wiwit ana ing guwa-garbane ibune bakal dadi nazir sengkerane Gusti Allah, …” (Ay. 5b).

Wonten ing TV kawartosaken bilih wonten sawatawis lare ing negari Indonesia punika ingkang ngalami kakirangan gizi. Nalika dipun telisik, sababipun sang ibu boten migatosaken jenis tetedhan punapa ingkang sae kangge perkembangan bayinipun. Rupinipun, penelitian saking Dinas Kesehatan nyimpulaken bilih lare ingkang kurang gizi kalawau awit ibunipun kathah njajan tetedhan kados: cilok, cireng, tanglur (kentang-telur), jihu (kanji-tahu) lan jajanan-jajanan ingkang kirang sae utawi malah-malah boten wonten gizinipun tumrap perkembanganipun bayi. Punika ngengetaken kita sedaya kaliyan punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Presiden Joko Widodo supados para ibu punika migatosaken perkembanganipun bayi wiwit wonten ing kandungan ngantos lairipun, supados boten ngalami stunting, kurang gizi lan penyakit-penyakit ingkang ndadosaken para lare punika ringkih. Menawi ibunipun sehat, bayinipun sehat lan mangkenipun dados SDM ingkang unggul.

Simson punika lare ingkang sampun sinengker wiwit ing guwa-garba ibunipun. Pramila ing cariyos punika, ibunipun Simson kedhah njagi badanipun, boten angsal ngunjuk anggur lan omben-omben ingkang mendemi, ugi nedha tetedhan ingkang karam. Sedaya punika dipun tindakaken dening ibunipun Simson awit bayi ingkang badhe lair punika istimewa. Kenging punapa dipun wastani istimewa? Karana Simson sinengker, rikmanipun boten angsal dipun cukur lan mangkenipun ing bab selajengipun kita sedaya mangertos bilih Simson dados tiyang ingkang saestu rosa. Karosanipun Simson punika saking Gusti Allah lumantar rikmanipun ingkang boten angsal dipuncukur. Pramila, ibunipun Simson kedah njagi gesangipun, supados Simson saged dados hakim ingkang digdaya ing satengahing bangsa Israel.

Kita sampun lumebet ing mangsa Adven lan sekedap malih badhe mapag rawuhipun Gusti ugi ngriyadinaken wiyosipun Gusti Yesus. Kados ibunipun Simson, kita kedhah jumaga, njagi diri, mawas diri wonten ing salebetipun mangsa Adven punika supados gesang kita tansah digdaya anggenipun mapag lan ngriyadinaken wiyosipun Gusti Yesus. (dix)

 “Swawi sami jumaga awit kita boten mangertos kapan titi wancinipun Gusti rawuh!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak