Saking Kuciwa Dhateng Pamulihan Pancaran Air Hidup 19 April 2026

19 April 2026

Waosan: Lukas 24 : 13 – 35  |  Pamuji: KPJ. 49
Nats: Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene, “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?(Ayat 32)

Wonten satunggal priya, sampun pinten-pinten taun makarya kanthi setya, nanging piyambakipun dipun pecat saking pandamelanipun. Piyambakipun rumaos bilih Gusti Allah sampun nilar piyambakipun. Saben dinten, piyambakipun mlampah ing taman, lenggah ing bangku ingkang sami, namung kangge sambat dhumateng Gusti Allah. Ing satunggaling dinten, dugi rencangipun, lajeng sami pirembagan bab gesang, bab Gusti, saha bab pangajeng-ajeng. Sasampunipun rembagan punika, priya kalawau ngucap, “Aku pancen ora ngerti sebabe apaa aku dipecat, nanging saiki aku duwe semangat maneh kangge urip.” Asring Gusti rawuh mboten mawi mukjizat ageng, nanging lumantar pamedhar prasaja. Ing ngriku, Gusti pirsa lan nyulut semangat ing sajroning manah kita.

Kados mekaten kedadosan kalih sakabat ing margi tumuju Emaus. Raos kuciwa, awit pangajeng-ajeng ageng dhumateng Gusti Yesus sirna amargi prastawa salib. Raos kuciwa ndadosaken kalih sakabat punika nilaraken “Yerusalem” lan lumampah tumuju dhateng “Emaus”. Nanging, Gusti Yesus mboten negakaken. Gusti rawuh lan ndherek, sanadyan mboten dipun mangertosi. Gusti Yesus mirengaken pasambatipun kalih sakabat punika, lajeng kanthi sabar nuntun supados kalih sakabat punika saged mangertosi karsanipun Gusti lumantar Kitab Suci. Ing ngriku wiwitipun pamulihan gesang: nalika kita mbikak manah lan mirengaken Sabdanipun Gusti. Asring kita nyuwun Gusti ngowahi kahanan kita, nanging Gusti owahi cara pandeng kita dhateng kahanan punika. Nalika Gusti Yesus mecah roti, paningalipun kalih sakabat wau kabikak lan manahipun murub kados geni. Raos kuciwa dados kabingahan, pangungsen dados kesaksen. Kalih sakabat wau lajeng wangsul dhateng Yerusalem, pralambang kasetyan lan timbalan sejati. Wungunipun Sang Kristus ndadosaken kalih sakabat punika tangi lan nyusun malih arah gesangipun.

Mbok bilih kita ugi sampun lumampah wonten margi “Emaus” kita piyambak, kita kuciwa, sayah, lan kecalan arah. Nanging warta kabingahanipun: Gusti Yesus lumampah sesarengan kaliyan kita. Panjenenganipun karsa mbikak paningal kita, nyulut manah kita, lan nuntun wangsul dhateng timbalan sejati. Sumangga kita ngaturi wekdal kagem Gusti ngurubaken semangat gesang kita. Amin. [dvd].

“Nalika manah kuciwa, Gusti rawuh kanthi meneng, nyulut malih geni pangajeng-ajeng ing sajroning jiwa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak