Gesang Langgeng Pancaran Air Hidup 19 April 2025

19 April 2025

Waosan: Ayub 14 : 1 – 14  |  Pamuji: KPJ. 113 : 1, 3
Nats: “Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan,
ngantos dumugi ing giliran kawula.” (Ayat 14)

Kita sadaya sepakat menawi ing alam donya punika mboten wonten ingkang langgeng. Sadaya ingkang wonten alam donya punika sipatipun namung sawetara, kalebet gesang kita minangka manungsa. Pramila kita kedah nggadhahi gondelan kagem jaminan gesang saksampunipun pati. Jaminan bab gesang langgeng saksampunipun pati punika sampun dipun paringaken Gusti Yesus dhateng kita ingkang pitados lumantar pangorbanan-Ipun. Jaminan punika minangka sih rahmat ingkang kedah kita sukuri minangka umatipun Gusti Yesus. Ugi dados pepenget bilih kita sadaya punika, sanadyan winates lan mboten sampurna nanging dipun tresnani dening Gusti Yesus.

Bab gesang saksampunipun pati punika ugi dados pitakenanipun Ayub ingkang kaserat ing waosan kita punika (Ay. 14). Pitakenanipun Ayub punika karana piyambakipun ngalami pacoben ingkang ndadosaken gesangipun rumaos awrat kangge nglampahi kahanan punika. Sanadyan awrat Ayub mboten ngantos kecalan imanipun dhumateng Gusti Allah. Ayub ngantos nyandingaken gesang ing manungsa kaliyan wit-witan, ingkang sanadyan kategor nanging taksih saged tuwuh malih menawi oyodipun taksih wonten. Pemanggihipun Ayub punika wujud nyata bilih piyambakipun sampun pasrah dhumateng Gusti Allah. Ayub sampun masrahaken gesangipun ing donya punika namung wonten ing Astanipun Gusti, awit piyambakipun pitados bilih gesang ing alam donya punika namung sawetara kemawon.

Kahananipun Ayub ingkang ngalami pacoben ingkang awrat punika ugi saged dipun alami sinten kemawon ing jaman sakpunika sanadyan wujud pacobenipun benten. Pacoben ingkang awrat asring ndadosaken kita ajrih, kuwatos, lan semplah. Ing dinten Sabtu Sunyi punika, kita kaajak ningali kawontenanipun para sakabat saksampunipun Gusti Yesus seda sinalib. Kadosdene Ayub, para sakabat ugi rumaos ajrih, kuwatos, lan semplah. Sabtu sunyi punika dados pepenget kangge kita sadaya bilih sanadyan kita rumaos ajrih, kuwatos, lan semplah nanging Gusti mboten nate nilar kita. Gusti tansah paring panuntun saha kakiyatan kangge kita nglampahi kahanan ingkang awrat kados ingkang dipun alami Ayub lan para sakabat. Pracaya lan pasraha! Amin. [Kuh.C].

“Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.” (Markus 10 : 49)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak