Rukun Pancaran Air Hidup 19 Agustus 2026

19 August 2026

Waosan: Yesaya 66 : 18 – 23  |  Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.’’ (Ayat 23)

Ngrembag bab mbangun karukunan punika prekawis ingkang mboten gampil. Badhe kawiwitan saking pundi kemawon mesti pinanggih mawerni-werni alangan. Mila kita saged sinau saking conto para pangon mendha ingkang ngrimati mendhanipun ingkang kathah. Asring ing antawisipun mendha-mendha punika congkrah ngantos sami tarung. Ananging dangu-dangu mendha-mendha punika krana asring sesarengan badhe rukun lan gesang sesarengan. Mekaten ugi gesanging manungsa minangka makhluk sosial ingkang gesang sesarengan kaliyan sanesipun, tamtu saged nuwuhaken pasulayan, ananging dangu-dangu menawi sampun tepang lan mangertos watak sesaminipun saged rukun gesang sesarengan.

Kados pundi sesambetan kita kaliyan Gusti Allah, punapa sampun mawujud ing karukunan? Punika ingkang kita raosaken saking waosan dinten punika. Nabi Yesaya ngraosaken nalika bangsa Yehuda nglampahi pambucalan ing Nagari Babel mataun-taun dangunipun. Sejarah nyerat watawis 70 taun dangunipun. Ing kahanan kados mekaten punika, mbok bilih saged ndadosaken bangsa Yehuda mboten tepang lan wanuh kaliyan Gusti Allah. Langkung-langkung pihak Babel nggadhahi misi supados bangsa Yehuda sami supe kaliyan Gustinipun srana dipun prentah nyembah dewa-dewanipun bangsa Babel. Ananging panguwaos lan katresnanipun Gusti Allah dhateng bangsa Yehuda langkung ageng krana Panjenenganipun tansah netepi prasetyan-Ipun dhumateng umat-Ipun. Mila pungkasanipun bangsa Yehuda sujud manembah dhumateng Gusti Allah (Ay. 23). Punika ateges sadaya dados rukun kaliyan Gusti. Panjenenganipun karsa mulihaken umat-Ipun.

Wonten ing wulan pambangunan GKJW punika, kita sami dipun engetaken supados sami mbangun kapitadosan lan pangajeng-ajeng ing satengahing krisis. Sejarah wulan pambangunan GKJW ngengetaken dhateng kita bilih GKJW ingkang swaunipun crah, pungkasanipun saged rukun malih. Nuladha saking bangsa Yehuda ingkang tansah mbudidaya kapitadosanipun ing tanah manca sanadyan ta kedah rekaos, kahanan awrat kados punapa kemawon sampun ngantos ndadosaken kita tebih saking Gusti Allah. Sumangga kita sami sowan lan sujud manembah dhumateng Gusti Allah supados kita pikantuk kakiyatan kangge nglampahi gesang. Amin. [ADS].

“Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak