Waosan: 1 Tesalonika 5 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 415
Nats: “… amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.” (Ayat 2).
Ing sejarah greja, kathah tiyang ingkang sami ngitung wekdal rawuhipun Gusti Yesus. Sedaya itungan punika, menawi kita tingali inggih sami mbleset, boten wonten ingkang cocok. Salah setungal contonipun: ing Korea, wonten salah setunggaling Pendita ingkang pitados bilih rawuhipun Gusti Yesus punika tanggal 28 Oktober 1992. Nalika tanggal 27, para tiyang ingkang sami pitados bilih rawuhipun Gusti Yesus kadadosan ing tanggal 28, sami makempal, lajeng sami mbangun pangabekti. Kahanan punika dipun tayangaken ing TV Australia. Tiyang-tiyang kalawau sami muji Gusti ngantos dintenipun lumebet tanggal 29. Lajeng, tiyang-tiyang kalawau sami medal saking panggenan pangabekti. TV Australia paring judul tayangan punika, “Setunggal dinten saksampunipun kiamat ingkang boten kadadosan.”
Ing dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih punika, saged ugi panjenengan lagi dolanan, nggosip, ngopi kaliyan rencang, masak, nyang-nyangan blanjan wonten ing peken, malah-malah panjenengan saged ugi nglampahi tumindak ingkang boten prayogi. Lha blaen menawi kados mekaten! Ingkang sampun tamtu, rawuhipun Gusti Yesus punika kados maling ing wayah wengi lan kita boten mangertos wancinipun. Amargi kita boten mangertos wanci anggenipun Gusti Yesus rawuh, mula perangan ingkang kedah dados kawigatosan inggih punika jumaga. Leres?
Jumaga punika ateges kita nglampahi tumindak gesang kanthi temen-temen, ngestokaken karsanipun Gusti. Kita tansah gesang ing pepadhang, sami eling-ingelingake ing antawis para sederek (ay. 11). Mekatena ugi sinarengan kaliyan para sederek, kita tansah bangun binangun gesang ingkang maedahi, gesang ingkang setya lan bekti dhumateng Gusti. Mangga kita nyawisaken manah lan gesang kita, jumaga lan waspada salebeting gesang, sarta tansah pitados bilih Gusti Yesus rawuh, kita badhe katunggilaken kalian Gusti Yesus piyambak. Sarana mekaten, sak wanci-wanci Gusti Yesus rawuh kita sampun sumadya. (ardien).
“Sokur menawi Gusti rawuh kita sampun cumawis, sampun ngantos Gusti rawuh kita dados maling.”