Waosan : Purwaning Dumadi 45 : 16 – 28 | Pamuji : KPK. 96
Nats: “Rama Israel ngendika: “Wus cukup, anakku Yusuf isih urip!” (Ay. 28)
Wonten ing brayat kita, sae minangka semah, tiyang sepuh, putra, sadherek, kados pundi kahanan pirembaganipun? Ing sakdinten, kaping pinten kita rembagan sacara langsung kaliyan semah kita? Kaping pinten anggen kita rembagan kaliyan putra kita? Sampun ngantos kita namung rembagan kanthi migunakaken piranti smartphone kemawon. Lan saklajengipun, punapa kemawon ingkang kita rembag? Punapa saged nuwuhaken katentreman? Saged nuwuhaken kabingahan punapa boten?
Kita tamtu kemutan Rama Israel nate dora dhateng Ishak, tiyang sepuhipun piyambak lan dhateng Laban, marasepuhipun. Lan saklajengipun, kadosipun patrap dora punika lajeng dipun tiru. Para putranipun Rama Israel ugi laku dora dhateng piyambakipun. Kahanan brayat ingkang kados makaten pranyata nuwuhaken karibedanipun piyambak. Wekdal para putranipun Yakub nyariosaken bilih putra kinasihipun Yakub, Yusuf taksih gesang, Yakub boten enggal pitados. Pancen tiyang ingkang nate dora, asring lajeng boten gampil pitados. Kuwatos badhe nampi laku dora saking sesaminipun. Ingkang wigati wonten ing waosan punika bilih pranyata kawontenan saking Rama Yakub dipun serat : “nanging Rama Yakub ora maelu”, ingkang ugi ateges boten pitados dhateng ukara lan cariyos saking para putranipun. Nanging ing saklajengipun, sanadyan boten gampil Rama Yakub kersa ndadar punapa ingkang dipun aturaken dening para putranipun, pungkasanipun Rama Yakub kersa pitados. Lan lajeng jumangkah badhe manggihi Yusuf ing tlatah Mesir.
Kados pundi manawi kahanan punika kalampahan ing brayat kita. Wonten ing para warganing brayat boten tuwuh raos sami pitados lan boten wonten kahanan pirembagan ingkang sekeca. Bok manawi kita kemutan kaliyan ukara Sabda Pandita Ratu. Bilih sabda, ukara, punapa ingkang kita ungelaken saged dados paugeran saking tiyang sanes dhateng kita. Lan ugi kosok wangsulipun. Dadosaken kita saged dipun pitadosi punapa boten. Pungkasanipun, ukara saking Yusuf kangge brayatipun, “ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh” mugi saged dados tuladha punapa ingkang kedah kita aturaken dhateng warganing brayat kita. Mangga kita sami ngati-ati pirembagan wonten ing brayat kita supados tansah wutuh lan nunggil. (WdK)
“Sadawa-dawaning lurung isih dawa gurung”