Isuk Tempe, Sore Dele Renungan Harian 19 Agustus 2019

19 August 2019

Waosan  :  Yeremia 23 : 30 – 40   |   Pamuji :  KPJ. 159
Nats:
Nanging Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, aja kokkandhakake maneh, awit kang dadi momotane saben wong yaiku tembunge dhewe, amarga kowe wus padha ngowahi pangandikane Gusti Allah  kang gesang, Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allah kita (ayat 36)

Tamtunipun kita nate mireng unen-unen “isuk tempe, sore dele”. Unen-unen punika kangge ngambaraken tiyang ingkang mboten “konsisten” ing salebeting tetembunganipun,  tiyang ingkang mencla-mencle temahan mboten saged dipun percaya. Tiyang ingkang mekaten kalawau asring nyepeleaken tumrap tanggeljawab lan tugas ingkang dipun pasrahaken piyambakipun.

Unen-unen “isuk tempe, sore dele” bilih ing waosan kita punika saged dipun damel kangge nggambaraken kawontenanipun nabi-nabi palsu ing Yehuda. Awit punapa ingkang dipun weca (dinubuatkan) dening nabi palsu tumrap Yehuda punika mboten sami kaliyan karsanipun Sang Yehuwah lantaran nabi Yeremia, sinaosa nabi palsu punika paring pameca mawi asmanipun Sang Yehuwah. Para nabi palsu namung paring pameca (nubuatan) bab pangentasan utawi “kebebasan” bangsa Yehuda, tanpa martosaken paukumanipun Sang Yehuwah dhumateng bangsa Yehuda awit dosa-dosanipun. Akibat pamecanipun nabi palsu punika bangsa Yehuda justru sangsaya tebih saking karsanipun Sang Yehuwah. Pramila ing ngriki nabi Yeremia paring pepenget supados para nabi palsu ing Yehuda mboten medhar dhawuh utawi paring pameca malih. Awit para nabi palsu sami ngowahi pangandikanipun Gusti Allah lan bab punika dados momotanipun saben tiyang (ayat 36).

Para sadulur, saking waosan punika sumangga kita sami mbangun dhiri lantaran lathi utawi tetembungan. Tamtunipun tetembungan ingkang “konsisten”, mboten mencla-mencle lan saged dipun percaya dening sesami. Sampun ngantos kita dados “nabi palsu” ing jaman sakpunika ingkang ngowahi pangandikanipun Gusti Allah, ingkang nyebar goroh (hoaxs) kangge kepentingan pribadi. Payo kita sami ngupaya tumindak gesang ingkang sak leresipun, punapa ingkang dados karsanipun Gusti kita tindakaken kanthi temen lan sukabingah. (Gimbul)

“Ajining dhiri ana ing lathi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak