Omah Suwung

Bacaan : Matius 12 : 43 – 45 | Pamuji : KPK 148 : 1 – 3
Nats: “Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeyane jinis kang ala iki.” [ayat 45]

Nalika liwat ing sangajengipun griya ingkang suwung, napa malih yen ketingal peteng dhedhet, biasanipun tiyang badhe rumaos ajrih, sakmbotenipun rumaos merinding. “Aja liwat omah suwung kuwi, akeh dhemite,” mekaten celathunipun tiyang-tiyang bab griya ingkang suwung, griya ingkang mboten dipun panggeni tiyang. Tiyang Jawi gadhah pemanggih bilih griya ingkang suwung punika dados papan panggenan ingkang sekeca kangge para dhemit. Griya ingkang suwung punika biasanipun gampil risak, sanajan kwalitas bangunanipun ketingal sae. Temahan dados rubuh.

Pasemon punika sejatosipun dipun tujokaken dhateng para ahli Taurat lan tiyang Farisi ingkang saweg nyuwun tandha dhateng Gusti Yesus (bdk. Ay.38). Gusti Yesus pirsa bilih sanajan para ahli Taurat lan Farisi punika secara tata lair ketingal sae, agamis, mursid/ saleh, lsp, nanging sejatosipun ing manahipun kadya griya/ omah ingkang suwung. Sanajan ketingal sae, nanging sangsaya dangu badhe sangsaya risak, mila kawontenanipun badhe awon.

Badan lan gesang kita punika ugi padaleman kangge roh kita piyambak. Ananging ugi saged kadunungan dening rohing pepeteng. Nalika sampun kapanjingan rohing pepeteng, tiyang saged nggadhahi pamanggih ingkang awon, malah saged ugi dados saya awon kadosdene pasemon ing waosan kita.
Ananging benten kaliyan tiyang ingkang mbikak manahipun supados Sang Roh Suci dedalem wonten ing salebeting manah. Mila gesangipun boten kados griya/ omah ingkang suwung, krana wonten Gusti Allah piyambak ingkang dedalem, ingkang ngreksa, temahan gesang dados santosa, kiniyataken ing bab kayekten lan kebak ing kawicaksanan.

Wonten kalih perkawis ingkang njalari gesang kita saged santosa, sepisan kabangun adhedasar ing Sang Kristus minangka pondhasinipun. Ingkang kaping kalih, inggih nalika Gusti Allah piyambak ingkang dedalem ing gesang kita. [DK]

“Dadia padalemane Allah!”

 

Bagikan Entri Ini: